Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranatural supranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra.
Fungsi
1. Ricikan/instrumèn gamelan sajroning karawitan sacara fungsional musikal digolongaké dadi telung klompok, yaiku ;
Klompok ricikan balungan,
yaiku; ricikan-ricikan kang lagu dolanané kuwi cedhak banget karo
rangka gendhing
(balungan
gendhing).
Ricikan utawa instrumèn gamelan ing kelompok
iki, yaiku;
Klompok ricikan/instrumèn garap,
yaiku; ricikan-ricikan kang nggarapaké balungan
gendhing,
kang kanthi cara nafsiraké banjur nerjemahaké liwat vokabulèr-vokabulèr (konvensi) garapan. Ricikan/instrumèn kang kalebu ing klompok
kasebut, yaiku :
- Rebab
- Kendang
- Gendèr barung
- Gendèr penerus
- Bonang
- Bonang panerus
- Siter
- Suling
- Gambang
- Sindhèn
- Gérong
Kelompok ricikan utawa instrumèn
struktural, yaiku; ricikan-ricikan kang agawé raketing dolanan
kanthi mbentuk struktur adhedhasar (nentukaké) wujud gendhing. Ricikan utawa instrumèn kang kalebu ing
klompok kasebut, yaiku ;
- Kethuk
- Kempyang
- Engkuk
- Kenong
- Kempul
- Gong
- Kecer
- Kemanak
- Keplok alok
- Kendhang
Instrumèn
- Kendhang
- Saron
- Bonang Barung
- Bonang panerus
- Slenthem
- Gender Barung
- Gender Penerus
- Gambang
- Gong
- Kempul
- Kenong
- Kethuk
- Clempung
- Siter
- Suling
- Rebab
- Keprak utawa Kepyak
- Bedhug
Sejarah
Musik gamelan duwé sajarah sing tuwa saumuran karo kasebaré budaya Hindu lan Buddha ing Nusantara. Utamané nalika kawanguné karajan-karajan gedhé kaya karajaan Majapahit. Jaman Majapahit iki piranti gamelan wiwit kawangun. Mula-mula, gamelan Jawa iku kasil saka budaya Hindu kang banjur kagubah dening Sunan Bonang. Seni perkembangané musik Jawa iki kira-kira ana pas anané kentongan, rebab, saka anané gèsèkan ana tali utawa pring tipis nganti nuju prakembangané piranti musik saka bahan logam.Ngrembakané musik gamelan diperkirakaké nalika anané kenthongan, rebab, tepukan, banjur gèsèkan ing tali utawa pring tipis nganti tekan alat musik kang digawé saka logam. Gamelan Jawa kalebu musik kanthi nada pentatonis. Nalika dituthuk kanggo ngiringi gendhing. Gamelan Jawa duwéni rong puteran yaiku sléndra lan pélog. Sléndro nduwéni limang nada saben oktaf yaiku 1 2 3 5 6 [C- D E+ G A]. Nadha slendro duwéni interval kang kacèké mung sithik. Déné pélog nduwèni 7 nadha saben oktaf yaiku 1 2 3 4 5 6 7 [C+ D E- F# G# A B] kanhti interval kang bedané utawa kacèké akéh. Komposisi musik gamelan digawé kanthi aturan-aturan kang gumahtok, yaiku gamelan ana rong puteran lan duwéni pathet, ana watesé sak gongan lan melodhiné digawé ing unit kang kasusun saka 4 nadha.
Zoetmulder ngandharaken bilih tembung gamel kaliyan alat musik perkusi yaiku alat musik ingkang ditabuh. Miturut basa BaliBali wonten istilah gambèlan ingkang dados gamelan. Konon, ing mitologi Jawa, gamelan dipunriptakken dening Sang hyang GuruSang Hyang Guru ing warsa Saka, dewa ingkang mandegani sedaya Tanah Jawa, kaliyan istana ing Gunung Mahendra ing Medangkamulan (sapunika Gunung Lawu). Sang Hyang Guru punika nyiptakaken 2 Gong kangge ngundang arwah dewa-dewa, lajeng saged kasusun set gamelan. Gamelan ing jaman rumiyin dipundamel saking watu, wit-witan, tulang kewan. Nalika ing jaman modern sapunika, piranti gamelan dipunriptakaken kanthi nglampahi proses industri, ingkang bahanipun werni-werni. Gamelan saged dipundamel saking timah putih (Sn) lan tembaga (Cu), ugi saged dipundamel saking kuningan, singen, utawa Wesi.
Gamelan biyasané kanggo ngiringi tarian, utawa seni pertunjukkan kayata wayang kulit lan kethoprak.Gamelan biyasané kanggo ngiringi swara penyanyi Jawa.Penyanyi kang lanang diarani wiraswara déné penyanyi kang wadon jenengé waranggana. Seni gamelan kang kerep dipentasaké jaman saiki arupa gamelan klasik lan kontemporèr. Salah sijiné gamelan kontemporèr yaiku jazz-gamelan kang nduwéni campuran musik kang nadhané pentatonis lan diatonis.
Salah sijiné panggonan kanggo ndeleng seni gamelan yaiku ing Kraton Yogyakarta. Biyasané dianakaké ing Bangsal Sri Maganti. Déné kanggo ndeleng perangkat gamelan kang umuré wis tuwa yaiku ing panggonan bangsal liyané kang manggon rada memburi.
Bukti Otentik
Nalika jaman Majapahit, instrument gamelan ngalami perkembangan kang apik banget kanthi ngraih bentuk nganti saiki lan kasebar ing manéka dhaérah, kayata :- Bali.
- Sunda utawa Jawa Barat
- suling bambu
- lonceng
- kendhang (ing maneka ukuran)
- kecapi
- instrument kang ana dawai utawa senaré kang biasa digésék lan dipetik, kalebu sithik gambaran babagan èlemèn instrumen logam. Perkembangan sawisé kuwi, gamelan digunakaké kanggo ngiringi pagelaran wayang lan tarian. Kanthi akhiré ngadheg dhéwé minangka musik dhéwé lan dijangkepi karo swara para sindhen.
Jinis
Jinis gamelan werna-werna lan kapérang miturut laras lan tlatah panyebarané. Munculé gamelan didhisiki karo budhaya Hindu-Budha kang ndominasi Indonèsia kanthi awal mangsa pencatatan sejarah, kang uga makili seni asli Indonésia . Instrumené dikembangaké kanthi bentuké kaya mangkéné iki ing jaman Kerajaan Majapahit . Ing pambedané karo musik India, siji-sijiné dampak ke-India-an ing musik gamelan yaiku kepriyé cara nyanyikaké . Ing mitologi Jawa, gamelan diciptakaké déning Sang Hyang Guru ing mangsa Saka, dewa kang nguasai kabèh tanah Jawa, kanthi istana ing gunung Mahendra ing Medangkamulan (saiki Gunung Lawu) . Sang Hyang Guru pertamané nyiptakaké gong kanggo ngundhang para dewa . Kanggo pesen kang luwih mligi banjur nyiptakaké rong gong, sawisé kuwi kabentuk set gamelan.Miturut larasé
- Gamelan laras sléndr
- Gamelan laras pélog, béda karo gamelan laras Slendralaras pélog ana angka 4 (papat) karo 7 (pitu). Dadi titi laras ing laras pélog duwé 7 nada pepaka ya iku 1 2 3 4 5 6 7
- Gamelan laras prawa (Pasisir)
Miturut tlatah sumebaré
Saben dhaérah ing Nusantara nduwé gamelan sing béda-béda miturut tlatah budayané, piranti gamelan sing dianggo uga rupa-rupa lan béda-béda.Gamelan Jawa yaiku musik kang cinipta saka paduan swara gong, kenong, lan alat musik Jawa liyané. Irama musik kang alus nggambaraké kaselarasan urip wong Jawa kang nggawé tenang jiwa nalika dirungokaké. Gamelan Jawa ngrembaka ing Yogyakarta. Gamelan Jawa beda karo Gamelan Bali lan Gamelan Sunda. Gamelan Jawa duwéni nada kang luwih alus lan slow, beda karo gamelan Bali kang rancak lan gamelan Sunda kang didominasi swara suling . Gamelan-gamelan iki béda amarga Jawa duweni pandangan urip dhéwé kang beda karo Sunda utawa Bali, déné pandangan urip iki digambaraké sajroné irama musik gamelan Jawa
Pandangan urip Jawa kang digambaraké sajroné musik gamelan yaiku kaselarasan kauripan jasmani lan rohani, kaselarasan sajroné omongan lan tumindak saéngga mujudaké toléransi ing sasama. Wujud nyata ing musik gamelan Jawa yaiku tarikan tali rebab kang sedengan, paduan seimbang swara kenong, srin, kendang lan gambang lan swara gong kanggo nutup irama.
Gamelan biyasané dianggo ngiringi pagelaran wayang lan tari-tarian. Saliyané musik, gamelan Jawa uga ana swara sindhén kang nembangaké lancaran, ladrang, lan gendhing-gendhing Jawa.
Saperangkat gamelan diisi karo akéh alat musik. Alat musik iki yaiku alat usik kaya drum kang dirani kendang, rebab lan celempung, gambang, gong lan suling pring. Komponèn utama kang nyusun alat-alat musik gamelan yaiku pring, logam, lan kayu. Saben alat musik duweni fungsi dhewe-dhewe ing pagelaran musik. Kayata gong kang nduwéni peran kanggo nutup irama musik kang dawa lan ménéhi kaseimbangan sawisé musik diiringi irama gendhing.
- Gamelan Banyuwangen
- Gamelan Banyumasan
- Gamelan Sundha
- Gamelan Crebonan
- Gamelan Bali
- Gamelan Malaysia
Pathet
Ing laras sléndra ana telung pathet- Sléndra pathet nem
- Sléndra pathet sanga
- Sléndra pathet manyura
- Pélog pathet lima
- Pélog pathet nem
- Pélog pathet barang
- Sléndra pathet nem saka jam 09.00-12.00 bengi
- Sléndra pathet sanga saka 00.00-03.00 esuk
- Sléndra pathet manyura saka 03.00-06.00 esuk
Tidak ada komentar:
Posting Komentar