KAWRUH LAN KABUDAYAN JAWI
Tampilkan postingan dengan label Tembang Macapat. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Tembang Macapat. Tampilkan semua postingan

Senin, 01 Desember 2014

Pocung

Pucung (ana kalané tinulis pocung) iku tembang macapat kang ngélingaké marang pepati. Pucung cedhak karo tembung pocong. Kaya pralambang mori kanggo mbungkus layon, pucung dienggo tembang kang bisa ngélingaké marang manungsa yèn urip ing ndonya ana pungkasané.

Ananging Pucung uga nduwé watak liya. Pucung iku jenengé wiji woh-wohan. Wanda cung uga marai gawé rasa seger kang ngélingaké marang perkara kang lucu kaya déné isih jaman dikuncung. Tembang iki asring dienggo tembang-tembang kang uga lucu, kayata parikan utawa bedhèkan.

Tembang Pucung mung ana patang gatra (larik) saben pada (bait).
  • 12-u
  • 6 -a
  • 8 -i
  • 12-a
Tuladha :

Megatruh

Megatruh utawa Dudukwuluh iku kalebu tembang sekar madya. Wateké prihatin lan getun pungun-pungun (Indonesia "rasa sakit hati karena rindu") .
Megatruh ateges pegat ing ruh, yaiku saget milah-milah pundi ingkang saé pundi ingkang awon, lan ingkang awon dipun bucal, wondené ingkang saé saged kanggé patokan ing pagesangan.

Saben pada, tembang iki ana nemang gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :
12u, 8i, 8u, 8i, 8o.

Tuladha :

Pangkur

Pangkur iku salah sijiné tembang macapat kang nduwé watak munggah ndhuwur. Menawi badhé nggayuh kaliyan gepok sénggol kaliyan kasaénan, kita kedah saged nyimpangi, lan sampun saged mungkur. Inggih punika nyimpangi bab-bab inkang damel gendra, damel dredhah, mungkuraken kadonyan. Upama piwulang, iku piwulang kang dhuwur. Upama tresna, iku tresna kang pinunjul. Seka tetembangan iki banjur akèh manéka warna tembang lan gegendhingan kang nganggo jeneng pangkur, antara liya: pangkur jenggleng, pangkur palaran, pangkur lombok, lan liya-liyané.

Tembang pangkur rinakit pitung gatra (larik) saben pada (bait)
8 - a
11 - i
8 - u
7 - a
12 - u
8 - a
8 - i
 
 
Tuladha

Durma

Durma inggih punika salah setunggaling tembang macapat kang gadhah watak galak lan wani.  
Durma punika mundur saking Ma lima inggih punika nyingkiri madat, madon, main, minum, lan maling. Wonten kalamangsanipun Durma ugi ngemu kahanan ingkang serem lan saged marai ajrih. Durma kelebet tembang ingkang wingit.

Saben pada (bait) woten 7 gatra (larik).
  • 12-a
  • 7 -i
  • 6 -a
  • 7 -a
  • 8 -i
  • 5 -a
  • 7 -i
Tuladha :

Dhandhanggula

Dhandhanggula iku salah sijiné tembang macapat kang isine pengarepan utawa pengajap kang becik. Dhandhang iku pengarep-arep. Mula saka kuwi, tembang kang nganggo metrum Dhandhanggula uga duwé isi kang legi kaya déné gula. Akèh pitutur kuna kang nganggo jinis iki. Tembang Dhandhanggula nduweni watak luwes, ngresepake. Mathuk kanggo bebuka/pambuka medharaké piwulang, rasa kasmaran/gandrung. Pralambange tumrap para nom-noman sawise padha kasmaran ngalami kedadeyan kang endah-endah (kenangan manis). Dene, sasmitaning tembang Dhandhanggula: manis, sardula, madu, drawa, gendhis.

Metrum Saben pada (bait) ana 10 gatra (larik).
  • 10-i
  • 10-a
  • 9 -i
  • 8 -é
  • 7 -u
  • 7 -a
  • 6 -u
  • 8 -a
  • 12-i
  • 7 -a 
Tuladha :

Gambuh

Gambuh iku sajinising sekar madya.Gambuh punika ateges jumbuhaken (nggambuhi ateges nglarasaken) tegesipun ing gesang bebrayan kita kedah jumbuhaken ing kahanan, lan kawontenan ugi empan papan kalawau.
Tembang Gambuh menika rinakit lima gatra (larik) saben pada (bait)
  • 7 - u
  • 10- u
  • 12 - i
  • 8- u
  • 8 - o
Tuladha :
 
Tembang Gambuh mbok menawa pancèn kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya éling marang tumindak-tumindaké. Manungsa dielingaké yènta kabèh tingkah polah manungsa iku ana akibaté. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakaké urip manungsa sing duwé patrap kaya mangkono iku.

Asmaradana

Asmaradana utawa Asmarandana iku sawijining jinis tembang macapat. Tembang Asmarandana umumé kanggo wong sing lagi gandrung kapirangu. Yèn dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artiné tresna, lan dahana kang artiné geni. Mula saka kuwi, Asmarandana isiné wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Pupuh bisa 'asmaradana' digandhèngaké karo Smaradahana

Asmarandana diracik saben pada (bait) ana 7 gatra (larik).
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-é
  • 8-a
  • 7-a
  • 8-u
  • 8-a
Tuladha :
 

Kinanthi

Kinanthi iku salah sijiné tembang macapat kang umume dienggo nggambaraké rasa seneng, katresnan, lan kawicaksanan. Kinanthi bisa nduwé arti gegandhèngan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Ana uga kang nggandhèngaké kinanthi klawan Maskumambang. Yen maskumambang kanggo wong lanang kang lagi déwasa, kinanthi kanggo wanita.

Kinanthi kaangit seka nem gatra (larik) saben pada (bait).
  • 8-u
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i
  • 8-a
  • 8-i 
Tuladha :

Sinom

Yen dijupuk arti wantah, sinom maknané godhong asemgodhong asem sing isih enom utawi rikma ingkang wonten ing palaparan, alus lan lembut sanget. Pramila menawi srawung ing bebrayan ngendikanipun kedah alus (boten klemak-klemèk) ingkang saged andayani tiyang ingkang kita ajak ngendikan punika kesengsem, linambaran polatan ingkang sumeh, grapyak lan semanak. Ing Macapat, sinom nduwé sipat kang isih enom. Kaya déné bocah cilik kang lagi ngerti ndony
Saben pada, tembang iki ana sanga gatra (larik),

 kanthi guru wilangan lan guru lagu:
  • 8 - a
  • 8 - i
  • 8 - a
  • 8 - i
  • 7 - i
  • 8 - u
  • 7 - a
  • 8 - i
  • 12 - a
Tuladhane :

Mijil

Mijil iku artine lair utawa metu. Ing jajaran tembang macapat, Mijil umumé disèlèhké ing ngarep. Saben pada, tembang iki ana enem gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :
  • 10-i
  • 6-o
  • 10-é
  • 10-i
  • 6-i
  • 6-u 
 

Maskumambang

Maskumambang iku tembang macapat kang dadi pralambang jaman wong lanang lagi mrambat diwasa, ing mangsa nalika seka bocah nuju dadi manungsa kang katon ing tengahing bebrayan. Tembung maskumambang iku sesambungan antarané emas lan kumambang. Ana kang nganggep yèn Maskumambang iku tembangé wong lanang, déné yèn wadon iku Kinanthi. Watak tembang iki, umumé isiné kaya wong kang lagi sambat lara, katula-tula, lan sengsara.

Saben pada (bait), tembang maskumambang ana patang gatra (baris).
  • 12-i
  • 6 -a
  • 8 -i
  • 8 -a
Tuladha :
Maratani mring anak putu ing uri
den pada prayitna
aja nokang kumawani
mring biyung tanapi bapa