Tampilkan postingan dengan label Kawruh. Tampilkan semua postingan
Tampilkan postingan dengan label Kawruh. Tampilkan semua postingan
Minggu, 11 Januari 2015
TEMBUNG DASANAMA
Dasanama iku tegesé manéka warna utawa sesebutan liyané kanggo sawijining paraga utawa manungsa. Biasané dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing nduwèni jeneng luwih saka siji.
Tembung iki asalé saka basa Sangskreta daśanāma lan sacara harafiah tegesé "sepuluh jeneng". Tembung iki sawijining kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegesé isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau kèh-sethithiké isih padha,mirip utawa mèmper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani kadidèné kamus sinonim. Saliyané kanggo mbédak-mbédakake pengertèn kanthi premati, anané tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supaya tembung-tembung kang digunakaké ora mung kuwi-kuwi baé.
Abang : mbarang, abrit, jingga, dadu, rekta, merah
Angin : braja, bayu, bawana, sinandung, samirna, meruta
Alas : wana, wanadri, jenggala
Ati : nala, kalbu, galuh, driya, prana, wardaya, panggal
Anak : suta, tanaya, putra, atmaja, yoga, weka, siwi
Awak : raga, badan, angga,
Banyu : tirta, warin, her
Bapak : ramane, sudarmi, yayah, yasadarma, sudarma
Bumi : buwana, basundara, bantala, jagad, kisma, bawana, pratala, pratiwi, mandala, butala
Buta : diyu, ditya, asura, danija, yaksa, kelana, denawa, wil, raseksa
Bledeg : gludug, gelap, grah, bajra, erwati, guntur, thatit, water
Bondho: muda, kumprung, pengung, blilu, jugul, dama, pinghing, pinggung
Dalan : marga, sopana, rapan, dlanggung, gili, enu, lurung
Dewa : hyang, dewasa, apsara, widadara, sura, jawata, bathara
Gawe : karya, karti, yasa, kardi
Gajah : dipangga, asti, esti, liman, diradha, dipa
Geni : apyu, api, agni, pawake, latu, dahana
Getih : rudhira, rah, ludhira
Gunung : meru, ukita, giri, ardi, aldaka, ancala, parwata, redi, wukir, prabata
Ibu : wibi, umi, puyeng, erna, biyung, biyang, indun
Iwak : ulam, matca, mina,
Ireng : jliteng, cemeng, langking, kresna
Jaran : swa, kuda, aswa, kapal, turangga, titihan, wacik, undhakan
Jeneng : jejuluk, parab, asma, wewangi, rumrum, sambat
Kaya : kadya, kadi, mimba, lir, pendah, pindha, yayah
Kali : loh, armada, bengawan
Kanca : rewang, rowang, kanthi
Kethek : munyuk, juris, kapi,pragosa, wanara, wre, rewanda, walwaka
Kebo : mundhing, maesa, misa
Kembang : padma, kusuma, puspita, sekar
Kraton : kadhaton, dhatulaya, pura, puri, gandhatun
Kuning: kapuranta, pitajenar
Langit : awang-awang, aksa, antariksa, bomantara, gegana, dirgantara, widik, tawang,
jumantauyat, wiyati
Lanang : jalu, jaler, priya, kakung
Lintang: sudama, kartika, sas, trangganawintang
Macan : sardula, mong, singa
Mata : mripat, aksi, eksi, netra, soca, pandhulu
Manuk : ukila, kaga, peksi, paksi
Mangan: dhahar, bukti, boga, madang, modha, nadhah
Manungsa : jana, jalma, manus, wong, nara, janma
Mati : lalis, antaka, lampus, layon, ngemasi, mancal donya, ena, padham, murud, ralaya,
pralena, palastri, tinggal donya, seda
Mayid : kunarpa, bangke, jisim, kuwandha, sawa, wangke
Misuwur : kaloka, kajuara, kajana priya, kawarti, kawentar, kontab, kongas, kondhang
Omah : panti, griya, grana, yasa, wisma
Pandhita : dujawara, ajar, jwija mahasari, muni, mahayeksi, suyati, rsi, wipra, wiku,
yogiswara
Panah : naraca, jemparing, bana, sara, warastra
Perang : laga, jurit, pandayuda, krana, yuda, pupuh
Pinter : nimpuna, guna, lebdha, limpad, putus, wasis, widigda, wignya, widura
Putih : pinggul, seta, duwala
Ratu : bumipala, buminata, bumipati, datu, katong, naradipa, naradipati, narapa, nareswara
narpati, narendram, sri, sribupati, nata, tamasa, parameswara
Rembulan : candra, badra, basanta, nek, nekla, sasangka, sasi, sitengsu, wulan, sasadhara
Senapati : hulubalang, nerawara, wretyapati, senapatya
Segara : jaladri, ernama, laut, samodra, tasik, udaya, jalanidhi
Sedhih : marjiyuh, dhuhkita, limang, rudah, kingkih, rudhatin, rudhatos, rudhita, susah,
sungkawa, tikbra, wigna, ngenes
Sirah : werda, kumba, mustaka, utamangga, ulu
Srengenge : aruna, arka, bagaspati, bagaspati, baskara, pradanga, praditya, radite, surya, rawi
Slamet : raharja, basuki, rahayu, sugeng, widodo, yuwana
Ula : sarpa, naga, taksara, sawer
Wadon : dyah, dayinta, juwita, gini, kusuma, retna, putri, perini, wanita, widowati, wanodya
Weruh : myat, priksa, anon, uning, unan, wikan, upiksa
KERATA BASA
Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok. Kérata ateges asal usul tegesing tembung.
Kerata basa ateges bab negesi suraosing tembung awewaton asal utawi
mula-bukanipun, limrahipun kapirid saking wewancahanipun, kapendhet
sunduk prayoginipun. Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan, déné
dhosok mengku pikajeng ndhesek, nyodohakaken majeng. Jarwa dhosok
kenging dipuntegesi katrangan menggahing tembung sarana
dipunkinten-kinten utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken.
Anak : karep apa-apa kudu lan enak
Bapak : bab apa-apa pepak
Bocah : manggane kaya kebo gaweane ora kecacah
Brekat : makbreg diangkat
Cengkir : kecenging pikir
Copet : ngaco karo mepet-mepet
Desember : gedhe-gedhe sumber
Garwa : sigarane nyawa
Guru : digugu lan ditiru
Gusti : bagus ing ati
Kaji : tekade siji
Kodok : teko-teko ndodhok
Kuping : kaku tur njekipin
Ludrug : gulune gela-gelo sikile gedrug-gedrug
Maling : njupuk amale wong ora eling
Mantu : dieman-eman maksa metu
Prawan : yen pepera kudu wayah awan
Saru : kasar lan keliru
Sekuter : sambi sedeku mlaku banter
Sepuh : sabdane ampuh
Simah : isine roh
Siti : isi ulubekti
Sopir : yen ngaso mampir
Sruwal : saru yen nganti owal
Tandur : nata karo mundur
Tapa : tatane kaya wong papa
Tarup : ditata supaya katon murup
Tebu : anteping kalbu
Tepas : nitipke napas
Tuwa : ngenteni metune nyawa
Wanita : wani ing tata
Wedang: dianggo gawe kadang
Weteng : ruwet tur peteng
Katok : diangkat sitok-sitok

AKSARA JAWA DENTAWYANJANA
Carita Aji Saka iku nyritakaké Aji Saka saka India sing mara ing Tanah Jawa.
Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti rong
panakawané sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kaloroné mati
amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur
nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Aksara Hanacaraka jenengé dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:
Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.
Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.

- ha na ca ra ka
- da ta sa wa la
- pa dha ja ya nya
- ma ga ba tha nga
- "Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
- "Data sawala" tegesé "Padha garejegan"
- "Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
- "Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".

Selasa, 16 Desember 2014
Pidhato
Pidhato utawa tanggaap wacana yaiku njlentrehake idhe utawa pokokpikiran kanthi lantaran tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Dene tujuane phidato iku maneka warna, antarane menehi informasi, hiiburan, utawa ngajak-ngajak.
Miturut kahanane,pidhato keperang dadi 3 yaiku resmi, setengah resmi lan ora resmi.
Babagan kang kudu diperhateake nalika pidhato antarane :
1. Sandhangane
2. Carane ngadeg ing podium
3. Carane nggoceki mikrophon
4. Carane pidhato
Bakune wedharaning pangandikan kudu urut runtut, cetha pilah - pilahipun, satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkara :
• Purwaka, inggih punika atur pangandikan ingkang minangka pambuka. Ingkang kalebet ing pérangan purwaka antawisipun :
Salam pambuka / uluk salam.
Asung pakurmatan dhumateng para tamu.
Muji syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.
Ngaturaken gatining ayahan.Ngaturaken reroncèning adicara.
Tata laksitaning adicara kawaos saking pambuka ngantos dumugi panutup, lajeng para tamu kasuwun sekéca lenggah, angantu adicara saklajengipun.
• Isi utawi péranganing isi ingkang wigati, inggih punika wosing pangandikan. Ingkang kalebet pérangan wigati tumrap panata adicara kadosta ngaturaken saben – saben adicara, rikala ngaturaken saben adicara kedah cetha anggènipun ngaturaken adicara ingkang badhé lumampah, setunggal mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipunaturi kanthi cetha.
• Wasana, inggih punika atur ingkang minangka panutup. Wondéné pérangan wasana, tumrap panata adicara antawisipun ;
Nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kekirangan saha kalepatan anggènipun nindakaken jejibahan.
Ndhèrèkaken sugeng konduripun para tamu.
Ngaturaken adicara panutup kanthi salam panutup.
Tuladha tanggap wacana :
Salam......................................................
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian.
Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing..........................................ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2005 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika penganten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksanane sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami nuwun matur nuwun.
Nulis Serat Pribadi
Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat utawi serat ;
1. Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan kalenggahanipun.
2. Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
3. Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
4. Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
5. Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
6. Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.
Manut isi lan ancasipun serat utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1. Serat Kitir, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi serat / serat.
2. Serat Iber, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring / caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3. Serat Ulem utawi serat Sedahan, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana anggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4. Serat Dhines, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.
Rabu, 03 Desember 2014
Geguritan
Geguritan
Geguritan yaiku reroncening tembung kang endah dadi wujud puisi nganggo bahasa jawa. Endah lan orane sawijining geguritan gumantung marang wong kang maca geguritan iku. Geguritan iku puisi jawa modern kang bebas ora kaiket.

Titikane geguritan iku antarane :
1. Isine mentes
2. Lumrahe nganggo nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane
3. Ora kaiket guru gatra, wilangan apadene guru lagu
4. Arang nganggo tembung pangikeet
5. Akeh kang nganggo bahasa jawa kuna
Babagan kang penting diperhatiake nalika nulis geguritan supaya bisa endah yaiku :
1. Suasana ati lan lingkungan
2. Milih tema
3. Tetembungan
4. Purwakanthi
5. Paramasastra basa ( ukara sambawa, camboran, lan lia-liane )
1. Suasana ati lan lingkungan
2. Milih tema
3. Tetembungan
4. Purwakanthi
5. Paramasastra basa ( ukara sambawa, camboran, lan lia-liane )
Tuladha
LEBUH SUCI
(orek-orekan)
Kowe kaya banyu
sing bening
Nang njero
wadah bekas sing akeh lebuh
Jane neng njero
wadah mau keton
Ana sesucen
sing kesimpen
Tresna ora mung
neng mata
Tresna teka
neng njero ati
Joraken salah
nang delengane uwong
Supaya bedane
keton
Antarane aku
karo kowe
Tek arep-arep
kowe bakal terima
Mesthi dideleng
ina
Tapi rasane
tresna dewek sing nduwe,
Ngemben bakal
keton
Lawang bakal
mbukak
Dewek mlaku
bareng
Neng kono dewek
weruh
Lebuh bakal
dadi inten
Ina bakal dadi
mulya
Dudu impen sing
tek wei
Tapi kenyakinan
sing mesthi
Merga tresna,
segara geni tek langeni
Semarang, 22 November 2013
Wawancara
Wawancara yaiku golek informasi saka wong kang diarani narasumber.
Kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1. Nemtoake topic
2. Nemtoake tujuan
3. Nyiapake pitakonan
4. Nemtoake narasumbere
5. Gawe janji
Babagan kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1. Salam
2. Ngganggo basa ang sopan
3. Pendelenge marang nara sumber
4. Aja aweh pitakon ya lan ora
5. Ngahiri kanthi matutnuwun lan salam
Tuladha wawancara :
Satya : “ Emba, punapa keparenga kula nyuwun priksa ?”
Embah : “ Arep akon apa, antuk garapan ngoma apa kepriye?”
Satya : “ Inggih mbah,, kala wau Pak Guru ngandharake bilih griya ing jaman sapunika kathah jinis wewangunanipun kadosta griya tumpuk, ruko,perumnas lan sanes-sanesipun. Senadyan mekaten, sarehne bebrayan Jawi punika gadhah jinis piyambak ingkang maneka warni, pramila kula sakanca kedah mangertosi. Lha bab punika igkang dipundadosaken garapan griya dening Pak Guru “.
Embah : “ Oo … ngoo ta . mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku manekawarrnaa. Apa kira-kira kowe during mudheng bab jinise omah jawa iku ? “
Satya : “ Sajatosipun nggih sampun mbaah, nanging dereng jangkep “.
Embah : “ Coba, omahe Pak Darmo kae jenise apa ? “
Satya : “ Punika limas an mbah, awit wanguning griya wonten ampyakipun sekawan, ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi segitiga.”
Embah : “ Pinter kowe, banjur apa bedane karo omahe pak Tirta ?”
Satya : “ Menawi punika griya kampong bah, jalaran wangunan griya wujud empyak kalih mawi tutup keyong “
Embah : “ Lha yen ngarepn Bale Desa kae ?”
Satya : “ Punika joglo mbah, titikane mawi saka guru kasambet saka rawa mubeng “
Embah : “ Pancen , omah limas an kuwi awangun empyak papat, sing loro gedhe serongan lan sing loro maneh awangun maju telu utawa segitiga. Dene omah kampong iku wangun empyak loro nanging ngnggo tutup keyong. Lan omah joglo iku nganggo saka guru papat disambung saka rawa mubeng, dene empyak cilik mandhuwur kaya dene limasan. Banju apane sing kurang ?”
Satya : “ Babagan peranganipun griya mbah “
Embah : “ O, kuwi ta, babagan perangaing omah. Yen ngono ayo dakwiwiti saka regol kana kae “
Satya : “ Sumangga mbah “
Kapethik saking Materi Wajib Mulok Bahasa Jawa 3
Jejer, Wasesa, Lesan ?
Ukara Jejer, Wasesa, Lesan lan Katrangan/ Kalimat Subyek, Predikat, Objek dan Keterangan
(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Basa Jawa. Ponorogo: MGMP Guru.)
Saben dina Minggu para siswa padha sinau karawitan ing sekolah.
Katrangan wektu Jejer wasesa Lesan Katrangan
Supaya pangrembuge ukara bisa runtut, mula ora ana alane yen dirembug maneh wiwit jejer, wasesa, lesan lan katrangan.
a) Jejer utawa subyek perangane ukara kang paling baku utawa perangan kang dadi bakune ukara. Manut pranatane ukara, jejer manggon ing ngarep wasesa. Dene tembung kang bisa dadi jejer lumrahe arupa tembung aran (kata benda) utawa tembung apa bae kang dianggep kaya dene tembung aran.
b) Wasesa. Wasesa utawa predikat yaiku perangan ngandharake jejer (menerangkan keadaan subjek). Wasesa uga kalebu bakune ukara sawise jejer lan miturut urutane ukara, wasesa manggon ing samburine jejer. Wujude wasesa iku ora kudu arupa tembung kriya (kata kerja). Utawa frase tembung kriya.
c) Lesan. Lesan utawa objek yaiku perangan kang diender utawa dituju. Lumrahe sing dadi lesan iku tembung aran utawa tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Lesan manggon ing samburine wasesa. Ora saben ukara duwe lesan. Lesan iku anane mung ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk.
d) Katrangan. Katrangan iku mujudake perangane ukara kang ngandharake bab sing dikandhakake sing ukara nganti dadi luwih gambling. Katrangan bisa nerangake jejer, wasesa lan lesan. Dene manggon utawa urutane katrangan iku bisa saenggon-enggon. Dene kang bisa dadi katrangan iku ya saka tembung katrangan utawa frasa katrangan lan frasa sing nggunakake tembung ancer-ancer.
Jenenge Katrangan
|
Tembung kang minangka tetengere
|
Katrangan panggonan
|
Ing ana, ana ing, menyang, saka, sarta katrangan papan liyane.
|
Katrangan wektu
|
Mangsa, dhek, dhek wingi, dhek biyen, saiki, kepungkur, sadurunge, nalika, ngepasi, tembe mburi, lan sakpanunggale.
|
Katrangan alat/ piranti
|
Nanggo, karo, kanthi, mawa, ambek
|
Katrangan cacah
|
Sakabehe, sathithik, akeh, lan werna ukuran/ takeran.
|
Katrangan akibat
|
Mula, mulane, mula saka iku, wusanane
|
Katrangan ubaya/ syarat
|
Waton, angger, sauger, pokoke, saumpama, menawa, yen, yen ta.
|
Katrangan sebab
|
Sebab, jalaran, amarga, karana
|
Katrangan asal
|
Saka,, digawe saka, asale saka
|
Katrangan wewatesan
|
Nganti, ngantek
|
Katrangan tujuan
|
Supaya, kareben, murih, amrih, ing pangajab, ing pangangkah, menyang.
|
Langganan:
Postingan (Atom)