KAWRUH LAN KABUDAYAN JAWI

Senin, 01 Desember 2014

Karawitan



 
Karawitan iku seni gamelan ing Jawa lan Bali sing bisa madeg dhéwé utawa kanggo ngiringi sawijining seni wayang, seni vokal utawa seni tari. Tembung karawitan asal saka tembung "rawit" sing tegesé alus, lembut, lungit. Dadi karawitan maknané alusing rasa kang diwujudaké sakjroning seni gamelan.
Karawitan kapérang jroning telung golongan, yaiku:
  • Karawitan sekar
  • Karawitan gendhing
  • Karawitan Sekar gendhing
 
iringanipun ngangge gamelan, Gamelan iku salah sijiné seni musik tetabuhan tradhisional aseli saka Indonésia utamané ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok.Tembung gamelan dhéwé iku asalé saka basa Jawa yaiku "gamel" kang duwé makna "tabuh".Isi gamelan iku saprangkat piranti musik sing dienggo ngiringi tembang, utawa ditabuh tanpa tembang minangka klenèngan.Jinis musik iki kasebar nganti tekan pulo-pulo ing saindenging tlatah Nusantara lan saiki malah wis kasebar rata nganti Amérika, Éropah lan tlatah liyané. Jinis musik tradhisional liya sing mèmper karo gamelan uga ana ing Filipina, Malaysia lan Suriname.
Gamelan duwéni melodhi kang magis utawa nduwé daya supranaturalsupranatural, mula swarané gamelan diarani mélodi utawa wirama perkusi kang magis. Pagelaran gamelan uga ana kang ngarani orkestra gamelan Jawa. Ing buku kang irah-irahané Music of Java, Jaap Kunst nerangaké yèn gamelan iku kaya komparasikomparasi saka cahya rembulan lan miliné banyu, misterius kaya cahya rembulan lan obah utawa dinamis kaya milining banyu.
Gamelan kalebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasané kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon. Jinisé laras ing gamelan ana loro yaiku laras pélog lan laras sléndra. Saben sèt gamelan nduwéni instrumén kanggo laras pélog lan sléndra

Titilaras utawa kerep dicekak dadi laras iku notasi utawa tulisan kanggo nyatakaké nada–nada sing wis tinamtu urutan dhuwur cendhèké jroning sawiji gembyang (oktaf). Jroning karawitan Jawa ana rong jinis titilaras, ya iku :

1. Titilaras Sléndra Dumadi saka limang nada jroning siji oktaf. Nada-nada kasebut ya iku :
  • Panunggul : 1 = ji (siji)
  • Gulu  : 2 = ro (loro)
  • Dhadha  : 3 = lu (telu)
  • Lima  : 5 = ma (lima)
  • Nem  : 6 = nem (nem)
Let frekuensi (interval) saka rong nada laras ing titilaras sléndra maturut–turut sacara konstan.

2. Titilaras Pélog Dumadi saka pitung nada jroning siji oktaf. Nada–nada kasebut ya iku:
  • Panunggul : 1 = ji (siji)
  • Gulu  : 2 = ro (loro)
  • Dhadha  : 3 = lu (telu)
  • Pelog  : 4 = pat (papat)
  • Lima  : 5 = ma (lima)
  • Nem  : 6 = nem (nem)
  • Barang  : 7 = pi (pitu)
Let frekuensi (interval) saka rong nada ing titilaras pélog maturut–turut ora konstan, ananging mèmper karo nada diatonis (internasional).

Pathet menika ukuran inggil lan andhapipun gendhing (swanten gamelan). Pathet menika ingkang dados patokan runtut lan saenipun gendhing. Pathet dados wates inggil lan andhapipun tata caca nabuh gamelan. Cara nabuh gamelan slendra lan pélog kanthi nganggé pathet ingkang kapérang dados tigang jinis, inggih menika:
  • Pathet nem, nganggé dhasar swanten laras lugu,
  • Pathet sanga, nganggé dhasar swanten laras (swanten ingkang runtut kanthi sae) gangsal,
  • Pathet manyura, nganggé dhasar swanten laras nem.[1]
Ing salebeting pakem pewayangan, pathet nem (jam 21.00-24.00), dipunwiwiti saking adhegan istana ngantos perang rampogan utawi perang gagal. Pathet sanga (jam 24.00-03.00), sasampunipun perang kembang ngantos sasampunipun adhegan pertapan. Pathet manyura (jam 03.00-06.00), sasampunipun perang kembang ngantos pungkasan. Manyura tegesipun merak, werdinipun wekdal menika sampun “prak” utawi wekdal sampun badhé parak énjing.

Jinisipun pathet miturut laras (pelog lan slendra)
  • Slendra
    • Nem: 6-5-3-2
    • Sanga: 2-1-6-5
    • Manyura: 3-2-1-6
  • Pélog
    • Lima: 5-4-2-1 (lami) utawi 5-3-2-1 (énggal)
    • Nem: 2-1-6-5
    • Barang: 3-2-7-6
    • Manyura: 3-2-1-6

Tidak ada komentar:

Posting Komentar