KAWRUH LAN KABUDAYAN JAWI

Selasa, 16 Desember 2014

Pidhato




Pidhato utawa tanggaap wacana yaiku njlentrehake idhe utawa pokokpikiran kanthi lantaran tembung-tembung kang diucapake marang wong akeh. Dene tujuane phidato iku maneka warna, antarane menehi informasi, hiiburan, utawa ngajak-ngajak.
Miturut kahanane,pidhato keperang dadi 3 yaiku resmi, setengah resmi lan ora resmi.
Babagan kang kudu diperhateake nalika pidhato antarane :
1. Sandhangane
2. Carane ngadeg ing podium
3. Carane nggoceki mikrophon
4. Carane pidhato
Bakune wedharaning pangandikan kudu urut runtut, cetha pilah - pilahipun, satemah isining wedharan saged jumbuh kaliyan ayahan ingkang lumampah. Babaring pangandikan, prayogi kapérang dados tigang (3) perkara :


• Purwaka, inggih punika atur pangandikan ingkang minangka pambuka. Ingkang kalebet ing pérangan purwaka antawisipun :
Salam pambuka / uluk salam.
Asung pakurmatan dhumateng para tamu.
Muji syukur wonten ngarsaning Gusti Ingkang Murbèng Dumadi.
Ngaturaken gatining ayahan.Ngaturaken reroncèning adicara.
Tata laksitaning adicara kawaos saking pambuka ngantos dumugi panutup, lajeng para tamu kasuwun sekéca lenggah, angantu adicara saklajengipun.

• Isi utawi péranganing isi ingkang wigati, inggih punika wosing pangandikan. Ingkang kalebet pérangan wigati tumrap panata adicara kadosta ngaturaken saben – saben adicara, rikala ngaturaken saben adicara kedah cetha anggènipun ngaturaken adicara ingkang badhé lumampah, setunggal mbaka setunggal para paraga ingkang hanyengkuyung dipunaturi kanthi cetha.

• Wasana, inggih punika atur ingkang minangka panutup. Wondéné pérangan wasana, tumrap panata adicara antawisipun ;

Nyuwun pangapunten dhumateng sedaya kekirangan saha kalepatan anggènipun nindakaken jejibahan.
Ndhèrèkaken sugeng konduripun para tamu.
Ngaturaken adicara panutup kanthi salam panutup.

Tuladha tanggap wacana :
Salam......................................................
Nuwun,
Katur dhumateng Bp. Sadono ingkang kinormatan, ingkang jumenengipun tinanggenah dados wakilipun Bp. Sarjito sekalian.
Ing ngriki kula pinjil dados paraga sulih sariranipun Bp. Sarjono sekalian, ngemban jejibahan kinen sowan saha matur wonten ing ngarsa penjenengan.
Saderenge kula ngaturaken wigatining sowan kula prelu langkung rumiyin ngunjukaken raos suka syukur alhamdulillah dhumateng Pangeran Ingkang Maha Agung, dene awit saking sih berkah tuwin sih rahmatipun, penjenengan kula saget sami pinanggih kanthi wilujeng, winantu ing suka rena.
Bapak Sadono ingkang kinormatan sasampunipun kula kasembadan sowan ing ngarsa panjenengan, kula kinen ngaturaken salam taklimipun Bapak Sarjono sekaliyan mugi kaaturna dhumateng Bapak Sarjito sekalian, dene ingkang dados telenging sedya saha wigatining prelu, kula kadhawuhan nglrapaken penganten kakung pun Bagus Sudibyo, ST, atmaja kakungipun Bapak Sarjono sekaliyan ingkang pidalem ing..........................................ingkang ing dinten punika, Minggu, 11 Desember 2005 badhe kadaupaken kaliyan anak Rr. Salindri, SE putra putrinipun Bapak Sarjito sekaliyan, hawit saking punika titiwanci punika penganten kakung pun bagus Sudibyo, ST, kula pasrahaken ing ngarsa panjenengan borong menggah kalaksanane sedya. Kula namung nderek memuji, mugi sadayanipun tansah manggiya wilujeng.
Wasana cekap semanten atur kula, menawi anggen kula sowan wonten tunadungkaping tumindak utawi kirang jangkeping trapsila, samanten ugi manawa atur kula mboten mranani ing panggalih, kepareng hangluberaken samodra pangaksami nuwun matur nuwun.

Nulis Serat Pribadi

Ing jaman ingkang sarwi komputer kados sakpunika, sampun awis sanget ingkang kersa nyerat utawa damel serat pribadhi kanthi ngginakaken basa Jawi. sampun malih serat ngginakaken basa Jawi, serat ingkang ngginakaken basa Indonesia kémawon inggih sami nasibipun. Punika amargi saya majengipun ngélmu teknologi komunikasi kadosdéné, HP lan nternet. Nanging sanajan sampun awis sanget dipunginakaken, boten wonten awonipun menawi awakipun piyambak tetep nyinau babagan serat (nawala, surat, serat, kintaka). Serat utawi serat punika, kalebet iketaning basa gancar ingkang mawi paugeran, paugeran punika manut lan kajumbuhaken kaliyan unggah – ungguhing pasrawungan. Nyerat serat punika wonten tatananipun, tatanan punika adhedhasar, ingkang ngirim lan ingkang dipunkirimi.
Perkawis ingkang wigatos lan kedah dipunmangertosi salebeting panyerataning serat utawi serat ;
1. Panyerating asma kedah jangkep, langkung prayogi menawi kaserat pangkat, lan kalenggahanipun.
2. Panyerating alamat / papan dunungipun ingkang dipunkirimi serat kedah jangkep lan cetha.
3. Panyerating titi mangsa kapacak ing sisih tengen.
4. Dipunwigatosaken bab adangiyahipun, inggih punika, pandonga, pamuji, pakurmatan ing purwakaning serat.
5. Pamilihing paprenahan lan tembung tandha pakurmatan kedah leres lan manut pranatan ingkang lumampah.
6. Dluwang, mangsi lan amplopipun kedah ingkang saé.
Manut isi lan ancasipun serat utawi serat kapérang dados 4 (sekawan), kadosta ;
1. Serat Kitir, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé nyenyuwun tulung tumrap ingkang dipunkirimi serat / serat.
2. Serat Iber, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé paring / caos pawarta ingkang sampun lumampah.
3. Serat Ulem utawi serat Sedahan, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana anggé ngaturi uleman upacara pawiwahan, tetakan, pèngetan, lsp.
4. Serat Dhines, serat ingkang isi lan ancasipun minangka sarana kanggé kaperluwan dhines kantoran.

Tembang Dolanan


Tembang dolanan iku jinis tembang reripta gagrak anyar sing ora nganggo paungeran gatra, guru lagu, guru wilangan lan dhong dhing.Nanging biasa ditembangaké déning bocah-bocah cilik, utamané ing padésan, sinambi dolanan bebarengan karo kanca-kancané lan bisa dibarengi wiramaning gendhing. Lumantar lagu dolanan, bocah-bocah dikenalaké bab sato kéwan, sato iwèn, thethukulan, tetanduran, bebrayan, lingkungan alam, lan sapanunggalané. [1]
Kadhangkala tembang dolanan uga ditembangaké déning waranggana jroning swasana tinamtu ing pagelaran wayang kulit.
Iki kaca kanggo ngumpulake syair tembang dolanan utawa tembang sing kerep diunekke bocah-bocah.

  1. Cublak-cublak suweng
  2. Gajah gajah
  3. Gambang Suling
  4. Gundhul Pacul
  5. Jamuran
  6. Jaranan
  7. Kidang Talun
  8. Kupu Kuwi
  9. Lir Ilir
  10. Menthok Menthok
  11. Padhang Bulan
  12. Pitik Tukung
  13. Suwe Ora Jamu
  14. Te Kate Dipanah

Kethoprak


Kethoprak kalebu salah sawijining kesenian rakyat ing Jawa Tengah, ananging ugo bisa tinemu ing Jawa Wetan. Kethoprak wis nyawiji dadi budaya masyarakat Jawa Tengah lan biso ngasorake kesenian liyane, umpamane Srandul, Emprak lan sakliyane.

Sajarah
Kethoprak wiwit bebukane awujud dedolanan para priya ing dhusun kang lagi nganaake lelipur sinambi nabuh lesung kanthi irama ana ing waktu wulan purnama ndadari, kasebut Gejog. Ana ing tembe kaering tembang bebarengan ing kampung /dusun kanggo lelipur . Sak teruse ana tambahan kendhang, terbang, lan suling, mula wiwit saka iku kasebut Kethoprak Lesung, kira-kira kadadeyan ing tahun 1887. Sak banjure ana ing tahun 1909 wiwitan dianaake pagelaran Kethoprak kanthi paripurna/lengkap.
Pagelaran Kethoprak wiwitan kang resmi ing ngarsane masyarakat/umum, yakuwi Kethoprak Wreksotomo, dipandegani dening Ki Wisangkoro, sing mandegani kabeh para pria. Carita kang dipagelarake yaiku : Warsa - Warsi, Kendana Gendini, Darma - Darmi, lan sapanunggalane.
Sawise iku pagelaran Kethoprak sansaya suwe dadi lan apike lan dadi klangenane masyarakat, utamane ing tlatah Yogyakarta. Ing kadadeyan sak wise Pagelaran Kethoprak dadi pepak anggone carita lan ugo kaering gamelan.

Jinis
Anane gegayutan karo pagelaran "teater" para narapraja, mula pagelaran Kethoprak, bisa dibedakke mengkene :
1. Kotekan Lesung : awujud awal mulane Kethoprak lan dadi winih ing tembe mburi dadi pagelaran Kethoprak.
2. Kethoprak Lesung Wiwitan : wiwitane saka kotekan Lesung ana tari-tarian lan jangkep karo carita , panguripane para tani .
3. Kethoprak Lesung : Amujudake pagelaran jangkep lan nganggo carita rakyat kaering gamelan kaya ta gendang, suling, terbang lan lesung. Iki kang bakal lan lahire pagelaran Kethoprak.
4. Kethoprak Gamelan : Wiwitan saka Kethoprak Lesung, dijangkepi karo carita Panji lan ageman 'mesiran' ( Baghdad ).
5. Kethoprak Gamelan Pendopo : carita-caritane ngemungake carita Babad, dipagelarake nganti seprene . Pagelaranne ana ing panggung tanpa payon, nanging wis nyedhaki ana ing Gedhung/panggung , yaiku kasebut Kethoprak Pendapa ( Pagelarane ana ing 'Pendopo').
6. Kethoprak Panggung : Iki pagelaran Kethoprak ingkang pungkasan , yoiku Kethoprak kang di pagelarake ana ing panggung kanti carita campur, awujud carita rakyat, sejarah, babad uga carita adaptasi saka ing nagari manca ([[Sampek Eng Tay’’, Maling saka Bagdad lan sapanunggalane ).
Saiki bisa dipirsani Kethoprak Panggung ana ing tlatah Jawa Tengah lan Jawa Wetan. Pagelarane dadi profesional kanthi amungut bayaran karcis , ugo kanggone para nayaga (pemain ) lan pradangga (penabuh gamelan ) kethoprak wis dadi panguripan. Tehnik pagelaran lan carita digawe luwih apik lan ditindaake kanthi teges lan tumemen. Conto mau bisa dipirsani ana ing Kethoprak "Siswo Budoyo" saking Tulung Agung, Jawa Wetan kang wis misuwur ana ing ngendi wae, dadi klangenane masyarakat.

Isi carita
Rupa-werna carita pagelaran Kethoprak umpama carita rakyat, dongeng, babad, legenda, sejarah lan adaptasi saka nagari manca bisa uga migunaake swasana Indonesia, contone karya Shakespeare : Pangeran Hamlet utawa Sampek Eng Tay. Carita-carita baku: Darma-Darmi, Warsa-Warsi, Kendana-Gendini, Abdul Semararupi (crita Menak), Panji Asmarabangun, Klana Sewandana (crita Panji), Ande-ande lumut, Angling Darma, Roro Mendut, Damarwulan, Ranggalawe, Jaka bodo.
Carita klangenan masyarakat bisa arupa carita pahlawanan, paperangan , carita nglempengake kabeneran biasane ing akhir carita sing gawe bebener, jujur lan baik antuk kamenangan.
Ageman para nayaga pemain di padaake karo carita kang dipagélarake, . Biasane nganggo ageman para Narapraja Jawa wektu jaman kerajaan biyen. Umpama Pangeran Wiroguna, Agemane ngangga Priyayi Jawa Pangeran saka tlatah Jawa Tengah ( Jogaakarta ), Semono uga para prajurit. Nanging ana uga ageman kang arupa simbolis ,umpama Piyantun Wicaksana aweni ageman cemeng , Piyantun suci awerni agemman pethak, ingkang kendhel agemane abang. Carita Baghdad agemane kasebuat "Mesiran" nganggo ageman sutra. Agemen Wayang wong uga ana gegayutan karo Kethoprak, utamane Kethoprak pesisran tlatah Jawa sisih pesisir Lor. Umpamane carita Angling Darma, Menak Jingga/Damarwulan.
Uga ana ageman kasebut basahan, yokuwi ageman kejawen ananging cinampur ing liyan bisa arupa ageman batik, lan beskap uga surban (biasane nganggo uga jubah). Ageman basahan iki biasane ana ing carita Menak utawa carita para wali/para ulama Islam ing sajerone praja.
Sing dadi ciri wancine Kethoprak : Carita kanthi para nayaga/pemain , kaering tabuhan (gamelan) ,Ageman tembang kang dadi tetenger kethoprak . Rembugan uga biasa nganggo tembang ,dadi tembang bisa mujudake dadi pangiring adegan, dialog, monolog ( rerasan dewe) utawa dadi narasi.
Wondene unining gamelan kanggo ngeringi tembang, adegan, ilustrasi swasana carita, swasana dramatik, kang mbedaake adegan siji lan sijine,

Kagem para maos sing kepingin midhangetake kethoprak ing format mp3 bisa ngundhuh ing kene http://apdnsemarang.wordpress.com/dagelan-ludruk-ketoprak/
Perangkat pengiring
Kendang, saron, ketuk, kenong, kempul lan gong bumbung utawa gong kemada. Gamelan jangkep biasane nganggo suling utawa terbang. kanthi tambahan keprak.
Para nayaga kethoprak biasane pinter anggone "akting" uga kudu pinter nyanyi & nari .
Para pradangga gamelan, bebarengan karo sinden (waranggono),ngeringi irama gamelan kethoprak.
Senadyan sing dienggo basa Jawa nanging kudu nganggo "unggah-ungguh" basa. bisa nganggo Jawa biasa (ngoko), basa krama, lan Krama inggil.
Ing wektu saiki, ana ing wolak waliking jaman, kethoprak uga duwe "improvisasi" kanthi wujud dagelan kethoprak. Umpamane awujud Dagelan lan Kethoprak Humor ana ing siaran Radio lan televisi. Carita bakune padha nanging dipagelarake kanthi dagelan . mligi ngemungake lan nyenengake pamirsane.Bab paugeran nomer loro. Kethoprak mau biasane wis ora nganggo unggah ungguh basa lan tatakrama, sing baku bisa gawe geguyu.Carita lan basa ora nganggo paugeran baku. Mula bisa kasebut Kethoprak ora jangkep

Kurawa



Para Korawa (utawi rikala-kala Kurawa) punika para paraga antagonis salebeting wiracarita Mahabharata. Sedaya punika para mengsah bebuyutaning para Pandhawa. Cacahipun wonten satunggal atus kaliyan sedaya punika, putranipun prabu Dertarastra ingkang wuta mboten saged ningali kaliyan garwanipun, sang pramèswari, Dewi Gandari.

Korawa utawi Kaurava ing basa Sangskreta, tegesipun “tiyang saking trah Kuru”. Kuru punika leluhuripun para panguwasa ing negari Hastina. korawa menika putra saking Destarastra kaliyan dewi gendari. cacahipun wonten satus.Sajatinipun para Pandhawa ugi saking trah Kuru, ananging namung para Korawa kémawon ingkang dipunsebat kados punika.
 


Ing andhap punika inggih naminipun para Korawa. Kalihipun Korawa utama inggih punika Suyodana/Duryodana kaliyan Duhsasana dipunsebat langkung riyin. Lajeng sanèsipun dipunsebat miturut urutanipun abjad Latin:
  1. Suyodana/Duryodana
  2. Duhsasana
  3. Abaswa
  4. Adityaketu
  5. Alobha
  6. Anadhresya
  7. Anudhara
  8. Anuradha
  9. Anuwinda
  10. Aparajita
  11. Aswaketu
  12. Bahwasi
  13. Balawardana
  14. Bhagadatta
  15. Bhima (Korawa)
  16. Bhimabala
  17. Bhimadewa
  18. Bhimaratha
  19. Carucitra
  20. Citradharma
  21. Citrakala
  22. Citraksa
  23. Citrakunda
  24. Citralaksya
  25. Citrangga
  26. Citrasanda
  27. Citrasraya
  28. Citrawarman
  29. Dharpasandha
  30. Dhreksetra
  31. Dirgaroma
  32. Dirghabahu
  33. Dirghacitra
  34. Dredhahasta
  35. Dredhawarman
  36. Dredhayuda
  37. Dretapara
  38. Duhpradharsana
  39. Duhsa
  40. Duhsah
  41. Durbalaki
  42. Durbharata
  43. Durdharsa
  44. Durmada
  45. Durmarsana
  46. Durmukha
  47. Durwimocana
  48. Duskarna
  49. Dusparajaya
  50. Duspramana
  51. Hayabahu
  52. Jalasandha
  53. Jarasanda
  54. Jayawikata
  55. Kanakadhwaja
  56. Kanakayu
  57. Karna (Korawa)
  58. Kawacin
  59. Krathana
  60. Kundabhedi
  61. Kundadhara
  62. Mahabahu
  63. Mahacitra
  64. Nandaka (Korawa)
  65. Pandikunda
  66. Prabhata
  67. Pramathi
  68. Rodrakarma
  69. Sala (Korawa)
  70. Sama (Korawa)
  71. Satwa (Korawa)
  72. Satyasanda
  73. Senani
  74. Sokarti
  75. Subahu
  76. Sudatra
  77. Suddha (Korawa)
  78. Sugrama
  79. Suhasta
  80. Sukasananda
  81. Sulokacitra
  82. Surasakti
  83. Tandasraya
  84. Ugra
  85. Ugrasena
  86. Ugrasrayi
  87. Ugrayudha
  88. Upacitra
  89. Upanandaka
  90. Urnanaba
  91. Wedha
  92. Wicitrihatana
  93. Wikala
  94. Wikatanana
  95. Winda
  96. Wirabahu
  97. Wirada
  98. Wisakti
  99. Wiwitsu
  100. Wyudoru
Para Korawa wusananipun tiwas sedaya ing perang Bratayuda. Sang Korawa ingkang tiwasipun pungkasan puniku Suyodana. Piyambakipun pupunipun dipunpupuh mawi gadha sakemengipun déning Wrekodara ngantos tiwas.
Para Korawa cacahipun satus, nanging taksih gadhah sadhèrèk èstri kaliyan jaler. Inggih punika Yuyutsu, putra prabu Dertarastra nanging bènten ibu, ibunipun wanita wesya. Lajeng saking Dewi Gandari, wonten malih putra naminipun Duskampana kaliyan putri Duhsala (utawi Duśśala).

Rabu, 03 Desember 2014

Geguritan

Geguritan
Geguritan yaiku reroncening tembung kang endah dadi wujud puisi nganggo bahasa jawa. Endah lan orane sawijining geguritan gumantung marang wong kang maca geguritan iku. Geguritan iku puisi jawa modern kang bebas ora kaiket.

Titikane geguritan iku antarane :
1. Isine mentes
2. Lumrahe nganggo nganggo purwakanthi ing ukara-ukarane
3. Ora kaiket guru gatra, wilangan apadene guru lagu
4. Arang nganggo tembung pangikeet
5. Akeh kang nganggo bahasa jawa kuna
Babagan kang penting diperhatiake nalika nulis geguritan supaya bisa endah yaiku :
1. Suasana ati lan lingkungan
2. Milih tema
3. Tetembungan
4. Purwakanthi
5. Paramasastra basa ( ukara sambawa, camboran, lan lia-liane )

Tuladha
LEBUH SUCI
(orek-orekan)
Kowe kaya banyu sing bening
Nang njero wadah bekas sing akeh lebuh
Jane neng njero wadah mau keton
Ana sesucen sing kesimpen
Tresna ora mung neng mata
Tresna teka neng njero ati
Joraken salah nang delengane uwong
Supaya bedane keton
Antarane aku karo kowe
Tek arep-arep kowe bakal terima
Mesthi dideleng ina
Tapi rasane tresna dewek sing nduwe,
Ngemben bakal keton
Lawang bakal mbukak
Dewek mlaku bareng
Neng kono dewek weruh
Lebuh bakal dadi inten
Ina bakal dadi mulya
Dudu impen sing tek wei
Tapi kenyakinan sing mesthi
Merga tresna, segara geni tek langeni

Semarang, 22 November 2013

Wawancara


Wawancara yaiku golek informasi saka wong kang diarani narasumber.
Kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1. Nemtoake topic
2. Nemtoake tujuan
3. Nyiapake pitakonan
4. Nemtoake narasumbere
5. Gawe janji


Babagan kang kudu diperhateake nalika wawancara yaiku :
1. Salam
2. Ngganggo basa ang sopan
3. Pendelenge marang nara sumber
4. Aja aweh pitakon ya lan ora
5. Ngahiri kanthi matutnuwun lan salam


Tuladha wawancara :


Satya : “ Emba, punapa keparenga kula nyuwun priksa ?”
Embah : “ Arep akon apa, antuk garapan ngoma apa kepriye?”
Satya : “ Inggih mbah,, kala wau Pak Guru ngandharake bilih griya ing jaman sapunika kathah jinis wewangunanipun kadosta griya tumpuk, ruko,perumnas lan sanes-sanesipun. Senadyan mekaten, sarehne bebrayan Jawi punika gadhah jinis piyambak ingkang maneka warni, pramila kula sakanca kedah mangertosi. Lha bab punika igkang dipundadosaken garapan griya dening Pak Guru “.
Embah : “ Oo … ngoo ta . mudheng aku kersane gurumu kuwi. Pancen omah jawa iku manekawarrnaa. Apa kira-kira kowe during mudheng bab jinise omah jawa iku ? “
Satya : “ Sajatosipun nggih sampun mbaah, nanging dereng jangkep “.
Embah : “ Coba, omahe Pak Darmo kae jenise apa ? “
Satya : “ Punika limas an mbah, awit wanguning griya wonten ampyakipun sekawan, ingkang kalih ageng serongan dene ingkang kalih malih wangun majeng tiga utawi segitiga.”
Embah : “ Pinter kowe, banjur apa bedane karo omahe pak Tirta ?”
Satya : “ Menawi punika griya kampong bah, jalaran wangunan griya wujud empyak kalih mawi tutup keyong “
Embah : “ Lha yen ngarepn Bale Desa kae ?”
Satya : “ Punika joglo mbah, titikane mawi saka guru kasambet saka rawa mubeng “
Embah : “ Pancen , omah limas an kuwi awangun empyak papat, sing loro gedhe serongan lan sing loro maneh awangun maju telu utawa segitiga. Dene omah kampong iku wangun empyak loro nanging ngnggo tutup keyong. Lan omah joglo iku nganggo saka guru papat disambung saka rawa mubeng, dene empyak cilik mandhuwur kaya dene limasan. Banju apane sing kurang ?”
Satya : “ Babagan peranganipun griya mbah “
Embah : “ O, kuwi ta, babagan perangaing omah. Yen ngono ayo dakwiwiti saka regol kana kae “
Satya : “ Sumangga mbah “
Kapethik saking Materi Wajib Mulok Bahasa Jawa 3