Angklung
Pagelaran angklung
Angklung yaiku
alat musik sing digawe seka
pring lan nduweni
nada multitonal. Dimuniake kanthi cara digoyang goyang
[1]. Piranti musik iki ditemokaké déning Bapak Daeng Sutigna sekitar taun
1938.Nalika isih wiwitan, angklung nung kanggo kepentingan kesenian lokal atau tradisional.
Nanging amarga swara kang diasilaké merdhu lan duwèni kandungan lokal
lan internasional kayata swara tangga nada duremi fa so la si du lan
daminatilada, mula angklung cepet ngrembaka, ora mung ing digelar ing
lokal, nanging uga regionel, nasional lan internasional. Konon kabare, pagelaran angklung wis digelar dihadapan para pemimpin Negara ing Konferènsi
Asia Afika yaiku ing
Gedung Merdéka Bandung tahun
1955. Cacahing pemani angklung bisa ngancik 100 wong lan bisa dilarasake karo piranti musik liyane kayata
piano,
organ,
gitar,
drum, lan liya-liyane. Saliyane minangka alat kesenian, angklung uga bisa digunakake minangka suvenir utawa
buah tangan sawisé dihiasi asesoris. Sawise Daeng Sutigna ora ana, krèasi kesenian angklung diterusaké dening Mang Ujo lan Erwin Anwar. Mang Ujo wis gawé pusat pembuatan lan pengembangan kreasi kesenian angklung kang disebut
Saung angklung Mang Ujo kang ana ing Padasuka Cicaheum
Bandung.
Salah siji program kang wis dilakoni kanggo mertahanake kesenian
angklung yaiku ngnalake angklung marang para siswa sekolah, mulai TK,
nganti tingkat SLTA lan wis dadi salah siji kurikulum ing mata pelajaran
lokal. Laras (nada) piranti musik angklung minangka musik tradisi Sunda akeh-akehe yaiku
salendro lan
pelog. Bagéyan-bageyanè anklung ana telu yaiku
- Bageyan kang paling penting saka Angklung, yaiku tabung swara kang ngasilake intonasi. Proses setem bisa ngasilake intonasi.
- Kerangka tabung kanggo panggonan ngadeg.
- Fungsine yaiku kerangka tabung swara.
Nalika tanggal 18 November 2010, angklung resmi dadi warisan budhaya donya lan UNESCO.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar