KAWRUH LAN KABUDAYAN JAWI

Minggu, 11 Januari 2015

Angklung


Angklung
Pagelaran angklung
Angklung yaiku alat musik sing digawe seka pring lan nduweni nada multitonal. Dimuniake kanthi cara digoyang goyang[1]. Piranti musik iki ditemokaké déning Bapak Daeng Sutigna sekitar taun 1938.Nalika isih wiwitan, angklung nung kanggo kepentingan kesenian lokal atau tradisional.  Nanging amarga swara kang diasilaké merdhu lan duwèni kandungan lokal lan internasional kayata swara tangga nada duremi fa so la si du lan daminatilada, mula angklung cepet ngrembaka, ora mung ing digelar ing lokal, nanging uga regionel, nasional lan internasional.  Konon kabare, pagelaran angklung wis digelar dihadapan para pemimpin Negara ing Konferènsi Asia Afika yaiku ing Gedung Merdéka Bandung tahun 1955. Cacahing pemani angklung bisa ngancik 100 wong lan bisa dilarasake karo piranti musik liyane kayata piano, organ, gitar, drum, lan liya-liyane.  Saliyane minangka alat kesenian, angklung uga bisa digunakake minangka suvenir utawa buah tangan sawisé dihiasi asesoris. Sawise Daeng Sutigna ora ana, krèasi kesenian angklung diterusaké dening Mang Ujo lan Erwin Anwar. Mang Ujo wis gawé pusat pembuatan lan pengembangan kreasi kesenian angklung kang disebut Saung angklung Mang Ujo kang ana ing Padasuka Cicaheum Bandung. Salah siji program kang wis dilakoni kanggo mertahanake kesenian angklung yaiku ngnalake angklung marang para siswa sekolah, mulai TK, nganti tingkat SLTA lan wis dadi salah siji kurikulum ing mata pelajaran lokal. Laras (nada) piranti musik angklung minangka musik tradisi Sunda akeh-akehe yaiku salendro lan pelog. Bagéyan-bageyanè anklung ana telu yaiku
  • Tabung Swara
Bageyan kang paling penting saka Angklung, yaiku tabung swara kang ngasilake intonasi. Proses setem bisa ngasilake intonasi.
  • Kerangka
Kerangka tabung kanggo panggonan ngadeg.
  • Dhasar
Fungsine yaiku kerangka tabung swara.
Nalika tanggal 18 November 2010, angklung resmi dadi warisan budhaya donya lan UNESCO.

Tari Kuda lumping

 

Tari Kuda lumping ugi dipunsebut jaran kepang utawi jathilan inggih punika tarian tradisional Jawa ingkang nampilaken sekelompok prajurit nalika nunggang turangga. Tarian punika migunakaken jaran ingkang kadamel saking pring ingkang dipunanyam lan dikethok kados bentuk jaran.Anyaman jaran punika lajeng dipun hias kanthi cat lan kain ingkang manéka werni. Tarian kuda lumping biasanipun namung nampilaken adhegan prajurit kanthi jaran, ananging wonten ing pinten-pinten wilayah nyuguhaken atraksi kesurupan, kekebalan, lan kekiyatan magis, kadosta atraksi mangan beling lan kekebalan badan tumrap pecut. Jaran Képang minangka pérangan saking pagelaran tari reog. Éwadéné tarian punika asalipun saking tlatah Jawa,Indonesia, tarian punika ugi dipun warisaken déning tiyang Jawa ingkang papan dunungipun wonten ing Sumatera Utara lan ing pinten-pinten tlatah ing njawi rangkah Indonesia kadosta ing Malaysia.
Kuda lumping inggih punika seni tari ingkang dipunmainaken kanthi properti awujud kuda tiruan, ingkang kadamel saking anyaman pring utawi kepang. Boten wonten satunggal sajarah ingkang saged ngandharaken asal muasalipun tarian punika, namung riwayat verbal ingkang dipunturunaken saking setunggal generasi dhumateng generasi salajengipun.

Sajarah

Konon, tari kuda lumping minangka bentuk apresiasi lan dukungan rakyat jelata tumraping pasukan berkuda Pangeran Diponegoro nalika ngadhepi penjajah Belanda. Wonten ugi versi ingkang nyebutaken, bilih tari kuda lumping nggambaraken sawijining kisah perjuangan Raden Patah, ingkang dipunsengkuyung dening Sunan Kalijaga, nglawan penjajah Belanda. Versi sanes nyebataken bilih, tarian punika nyariosaken babagan latihan perang pasukan Mataram ingkang dipunpandegani dening Sultan Hamengku Buwono I, Raja Mataram, saperlu ngadhepi pasukan Belanda.
Medal saking asal usul lan nilai historisipun, tari kuda lumping merefleksikaken semangat heroisme lan aspek kemiliteran sawijining pasukan berkuda utawi kavaleri. Bab punika katingal saking gerakan-gerakan ritmis, dinamis, lan agresif, saking anyaman pring, ingkang niru gerakan kados dene jaran ing tengah paprangan.
Asring sanget wonten ing pertunjukkan tari kuda lumping, ugi nedahaken atraksi ingkang nontonaken kekiyatan supranatural berbau magis, kados dene atraksi mangan kaca, menyayat lengen kaliyan golok, ngobong badan, mlampah ing sanginggilipun ecahan kaca lan sanes-sanesipun. Mbok menawi, atraksi punika nggambaraken kekiyatan supranatural ingkang nalika jaman rumiyin ngrembaka ing lingkungan Kerajaan Jawa, lan minangka aspek non militer ingkang dipun angge saperlu nglawan pasukan Belanda.

TEMBUNG DASANAMA


Dasanama iku tegesé manéka warna utawa sesebutan liyané kanggo sawijining paraga utawa manungsa. Biasané dasanama iku kanggo njenengi paraga wayang sing nduwèni jeneng luwih saka siji.
Tembung iki asalé saka basa Sangskreta daśanāma lan sacara harafiah tegesé "sepuluh jeneng". Tembung iki sawijining kompositum ajenis dvigu. Dasanama uga bisa diarani tembung-tembung kang tegesé isih nunggal-misah. Tegesing tembung-tembung mau kèh-sethithiké isih padha,mirip utawa mèmper, sing diarani sinonim. Dadi dasanama iku kena diarani kadidèné kamus sinonim. Saliyané kanggo mbédak-mbédakake pengertèn kanthi premati, anané tembung-tembung mau uga bisa kanggo variasi, supaya tembung-tembung kang digunakaké ora mung kuwi-kuwi baé.
 

Abang : mbarang, abrit, jingga, dadu, rekta, merah
Angin  : braja, bayu, bawana, sinandung, samirna, meruta
Alas     : wana, wanadri, jenggala
Ati       : nala, kalbu, galuh, driya, prana, wardaya, panggal
Anak   : suta, tanaya, putra, atmaja, yoga, weka, siwi
Awak  : raga, badan, angga,
Banyu  : tirta, warin, her
Bapak  : ramane, sudarmi, yayah, yasadarma, sudarma
Bumi   : buwana, basundara, bantala, jagad, kisma, bawana, pratala, pratiwi, mandala, butala
Buta    : diyu, ditya, asura, danija, yaksa, kelana, denawa, wil, raseksa
Bledeg : gludug, gelap, grah, bajra, erwati, guntur, thatit, water
Bondho: muda, kumprung, pengung, blilu, jugul, dama, pinghing, pinggung
Dalan   : marga, sopana, rapan, dlanggung, gili, enu, lurung
Dewa   : hyang, dewasa, apsara, widadara, sura, jawata, bathara
Gawe   : karya, karti, yasa, kardi
Gajah   : dipangga, asti, esti, liman, diradha, dipa
Geni    : apyu, api, agni, pawake, latu, dahana
Getih   : rudhira, rah, ludhira
Gunung : meru, ukita, giri, ardi, aldaka, ancala, parwata, redi, wukir, prabata
Ibu       : wibi, umi, puyeng, erna, biyung, biyang, indun
Iwak    : ulam, matca, mina,
Ireng    : jliteng, cemeng, langking, kresna
Jaran    : swa, kuda, aswa, kapal, turangga, titihan, wacik, undhakan
Jeneng : jejuluk, parab, asma, wewangi, rumrum, sambat
Kaya    : kadya, kadi, mimba, lir, pendah, pindha, yayah
Kali     : loh, armada, bengawan
Kanca  : rewang, rowang, kanthi
Kethek            : munyuk, juris, kapi,pragosa, wanara, wre, rewanda, walwaka
Kebo   : mundhing, maesa, misa
Kembang : padma, kusuma, puspita, sekar
Kraton : kadhaton, dhatulaya, pura, puri, gandhatun
Kuning: kapuranta, pitajenar
Langit  : awang-awang, aksa, antariksa, bomantara, gegana, dirgantara, widik, tawang,
jumantauyat, wiyati
Lanang            : jalu, jaler, priya, kakung
Lintang: sudama, kartika, sas, trangganawintang
Macan : sardula, mong, singa
Mata    : mripat, aksi, eksi, netra, soca, pandhulu
Manuk : ukila, kaga, peksi, paksi
Mangan: dhahar, bukti, boga, madang, modha, nadhah
Manungsa : jana, jalma, manus, wong, nara, janma
Mati     : lalis, antaka, lampus, layon, ngemasi, mancal donya, ena, padham, murud, ralaya,
              pralena, palastri, tinggal donya, seda
Mayid  : kunarpa, bangke, jisim, kuwandha, sawa, wangke
Misuwur : kaloka, kajuara, kajana priya, kawarti, kawentar, kontab, kongas, kondhang
Omah  : panti, griya, grana, yasa, wisma
Pandhita : dujawara, ajar, jwija mahasari, muni, mahayeksi, suyati, rsi, wipra, wiku,
                yogiswara
Panah  : naraca, jemparing, bana, sara, warastra
Perang : laga, jurit, pandayuda, krana, yuda, pupuh
Pinter   : nimpuna, guna, lebdha, limpad, putus, wasis, widigda, wignya, widura
Putih    : pinggul, seta, duwala
Ratu    : bumipala, buminata, bumipati, datu, katong, naradipa, naradipati, narapa, nareswara
              narpati, narendram, sri, sribupati, nata, tamasa, parameswara
Rembulan : candra, badra, basanta, nek, nekla, sasangka, sasi, sitengsu, wulan, sasadhara
Senapati : hulubalang, nerawara, wretyapati, senapatya
Segara : jaladri, ernama, laut, samodra, tasik, udaya, jalanidhi
Sedhih : marjiyuh, dhuhkita, limang, rudah, kingkih, rudhatin, rudhatos, rudhita, susah,
              sungkawa, tikbra, wigna, ngenes
Sirah    : werda, kumba, mustaka, utamangga, ulu
Srengenge : aruna, arka, bagaspati, bagaspati, baskara, pradanga, praditya, radite, surya, rawi
Slamet : raharja, basuki, rahayu, sugeng, widodo, yuwana
Ula      : sarpa, naga, taksara, sawer
Wadon            : dyah, dayinta, juwita, gini, kusuma, retna, putri, perini, wanita, widowati, wanodya
Weruh : myat, priksa, anon, uning, unan, wikan, upiksa

KERATA BASA



Kérata basa ugi sinebat jarwa dhosok. Kérata ateges asal usul tegesing tembung. Kerata basa ateges bab negesi suraosing tembung awewaton asal utawi mula-bukanipun, limrahipun kapirid saking wewancahanipun, kapendhet sunduk prayoginipun. Jarwa mengku teges wedharan utawi katrangan, déné dhosok mengku pikajeng ndhesek, nyodohakaken majeng. Jarwa dhosok kenging dipuntegesi katrangan menggahing tembung sarana dipunkinten-kinten utawi miturut pikajengipun ingkang nerangaken.

Anak    : karep apa-apa kudu lan enak
Bapak  : bab apa-apa pepak
Bocah  : manggane kaya kebo gaweane ora kecacah
Brekat  : makbreg diangkat
Cengkir            : kecenging pikir
Copet   : ngaco karo mepet-mepet
Desember : gedhe-gedhe sumber
Garwa  : sigarane nyawa
Guru    : digugu lan ditiru
Gusti    : bagus ing ati
Kaji      : tekade siji
Kodok : teko-teko ndodhok
Kuping : kaku tur njekipin
Ludrug : gulune gela-gelo sikile gedrug-gedrug
Maling : njupuk amale wong ora eling
Mantu  : dieman-eman maksa metu
Prawan : yen pepera kudu wayah awan
Saru     : kasar lan keliru
Sekuter : sambi sedeku mlaku banter
Sepuh  : sabdane ampuh
Simah  : isine roh
Siti       : isi ulubekti
Sopir    : yen ngaso mampir
Sruwal : saru yen nganti owal
Tandur : nata karo mundur
Tapa    : tatane kaya wong papa
Tarup   : ditata supaya katon murup
Tebu    : anteping kalbu
Tepas   : nitipke napas
Tuwa   : ngenteni metune nyawa
Wanita : wani ing tata
Wedang: dianggo gawe kadang
Weteng            : ruwet tur peteng
Katok   : diangkat sitok-sitok

AKSARA JAWA DENTAWYANJANA

Carita Aji Saka iku nyritakaké Aji Saka saka India sing mara ing Tanah Jawa. Banjur Aji Saka ngarang urutan aksara kaya mengkéné kanggo mèngeti rong panakawané sing setya nganti pati: Dora lan Sembada. Kaloroné mati amarga ora bisa mbuktèkaké dhawuhé sang ratu. Mula Aji Saka banjur nyiptakaké aksara Hanacaraka supaya bisa kanggo nulis layang.
Aksara Hanacaraka jenengé dijupuk saka urutan limang aksara wiwitan iki sing uniné "hana caraka". Urutan dhasar aksara Jawa nglegena iki cacahé ana rongpuluh lan nglambangaké kabèh foném basa Jawa. Urutan aksara iki kaya mengkéné:

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga
Urutan iki uga bisa diwaca dadi ukara-ukara:
"Hana caraka" tegesé "Ana utusan"
"Data sawala" tegesé "Padha garejegan"
"Padha jayanya" tegesé "Padha digjayané"
"Maga bathanga" tegesé "Padha dadi bathang".
Versi sing kapacak ing ngisor iki miturut vèrsi ing buku Layang Hanacaraka anggitan Darmabrata (1939):
Kacarita ing jaman mbiyèn ana wong sakan Tanah Hindhustan anom jenengé Aji Saka. Dhèwèké putrané ratu, nanging kepéngin dadi pandhita sing pinter. Kasenengané mulang kawruh rupa-rupa. Dhèwèké banjur péngin lunga mencaraké ngèlmu kawruh ing Tanah Jawa.
Banjur anuju sawijining dina Aji Saka sida mangkat menyang Tanah Jawa, karo abdiné papat sing jenengé Duga, Prayoga, Dora lan Sambada. Bareng tekan ing Pulo Majethi padha lèrèn. Aji Saka banjur nilar abdiné loro; Dora lan Sambada ing pulo iku.Déné Aji Saka karo Duga lan Prayoga arep njajah Tanah Jawa dhisik. Dora lan Sambada diweling ora olèh lunga saka kono. Saliyané iku abdi loro wau dipasrahi keris pusakané, didhawuhi ngreksa, ora olèh dielungaké marang sapa-sapa.
Aji Saka banjur tindak karo abdiné loro menyang ing Tanah Jawa. Njujug ing negara Mendhang Kamolan. Sing jumeneng ratu ing kono ajejuluk Prabu Déwata Cengkar. Sang prabu iku senengané dhahar dagingé wong. Kawulané akèh sing padha wedi banjur padha ngalih menyang negara liya. Patihé ngaran Kyai Tengger.
Kacarita Aji Saka ana ing Mendhang Kamolan jumeneng guru, wong-wong padha mlebu dadi siswané. Para siswané padha tresna marang Aji Saka amerga dhèwèké seneng tetulung.
Nalika semana Aji Saka mondhok nèng omahé nyai randha Sengkeran dipèk anak karo nyai randha. Kyai patih karo nyai randha iya wis dadi siswané Aji Saka.
Anuju sawijining dina sang prabu Déwata Cengkar duka banget ora wong manèh sing bisa didhahar. Aji Saka banjur saguh dicaosaké sang nata dadi dhaharané.
Sang nyai randha lan patih dadi kagèt banget. Nanging Aji Saka celathu yèn wong loro iku ora usah kuwatir yèn dhèwèké ora bakal mati. Banjur Aji Saka diateraké ngadhep prabu Déwata Cengkar.
Prabu Déwata Cengkar ya rumangsa éman lan kersa ngangkat Aji Saka dadi priyayi, nanging Aji Saka ora gelem. Ana siji panyuwuné, yaiku nyuwun lemah saiket jembaré. Sing ngukur kudu sang prabu dhéwé.
Sang prabu Déwata Cengkar iya banjur nglilani. Nuli wiwit ngukur lemah diasta dhéwé. Iketé Aji Saka dijèrèng. Iketé tansah mulur baé, dadi amba serta dawa. Iya dituti waé déning sang prabu. Nganti notog ing segara kidul. Bareng wis mèpèd ing pinggir segara, iketé dikebutaké. Déwata Cengkar katut mlesat kecemplung ing segara. Malih dadi baya putih, ngratoni saisining segara kidul.
Wong-wong ing Mendhang Kamolan padha bungah. Awit ratuné sing diwedèni wis sirna. Seka panyuwuné wong akèh. Aji Saka nggantèni jumeneng ratu ana ing negara Mendhang Kamolan ajejuluk prabu jaka, iya prabu Widayaka. Déné patihé isih lestari kyai patih Tengger. Si Duga lan si Prayoga didadèkaké bupati, ngarané tumenggung Duduga lan tumenggung Prayoga.
Sang prabu Jaka, iya sang prabu Widayaka nimbali si Dora lan si Sambada. Kacarita sang prabu Widayaka, pinuju miyos siniwaka. Diadhep kyai patih serta para bupati. Sang prabu kèngetan abdiné sing didhawuhi ngreksa pusaka keris ana ing Pulo Majethi. Ndangu marang Duduga lan Prayoga kepriyé wartané si Dora lan si Sembada. Prayoga lan Duduga ora bisa mangsuli awit wis suwé ora krungu apa-apa.
Kacarita si Dora lan si Sambada sing kari ana ing Pulo Majethi. Wong loro iku wis padha krungu pawarta manawa gustiné wis jumeneng ratu ana ring Mendhung Kamolan. Si Dora ngajak sowan nanging si Sambada ora gelem awit wedi nerak wewaleré gustiné, ora pareng lunga-lunga seka pulo Majethi, yèn ora tinimbalan.
Nanging si Dora nékad arep sowan dhéwé. Si Sambada ditilapaké. Banjur mangkat ijèn waé. Ana ing dalan si Dora kapethuk karo tumenggung Duduga lan Prayoga. Utusan loro mau banjur diajak bali déning si Dora. Awit si Sambada dijak ora gelem. Wong telu banjur sowan ing ngarsané sang prabu.
Sang Prabu ndangu si Sembada ana ing ngendi lan diwangsuli yèn dhèwèké ora gelem diajak. Mireng aturé si Dora, sang prabu duka banget, lali dhawuhé dhéwé mbiyèn. Banjur Dora, didhawuhi bali menyang pulo Majethi lan nimbali si Sambada. Yèn meksa ora gelem didhawuhi dirampungi lan kerisé dibalèkaké.
Dora sanalika mangkat. Ing pulo Majethi ketemu karo Sembada. Kandha yèn mentas sowan gustiné. Saiki diutus nimbali si Sambada. Pusaka keris didhawuhi nggawa. Nanging si Sambada ora ngandel marang kandhané si Dora. Banjur padha padu ramé. Suwé-suwé padha kekerangan, dedreg ora ana sing kalah, awit padha digdayané. Wasana banjur padha nganggo gaman keris padha genti nyuduk. Wekasan perangé sampyuh. Si Dora lan si Sambada padha mati kabèh.
Sang Prabu ngarep-arep tekané si Dora. Wis sawetara suwéné teka durung sowan-sowan mangka didhawuhi énggal bali. Sang prabu nimbali tumenggung Duduga lan Prayoga. Didhawuhi nusul si Dora menyang pulo Majethi. Sanalika banjur mangkat.
Bareng Duduga lan Prayoga wis teka ing pulo mau, kagèt banget déné si Dora lan si Sembada ketemu wis padha mati kabèh. Tilasé mentas padha kekerangan padha tatu kena ing gaman. Pusaka keris sing dadi rereksan gumléthak ana ing sandhingé. Pusaka banjur dijupuk arep diaturaké marang gustiné.
Duduga lan Prayoga banjur bali sowan ing ngarsané gustiné lan mratélaké kahanané. Sang Prabu Widayaka kagèt banget mireng pawarané, awit pancèn kaluputané dhéwé wis kesupèn pandhawuhé. Banjur sang prabu nganggit aksara Jawa nglegena kanggo mèngeti abdiné loro iku.



DINA LAN PASARAN


Senin   : Soma                         Pahing : Jenar
Selasa  : Anggara                    Pon      : Palguna
Rebo    : Buda                         Wage   : Cemengan
Kemis  : Respati                      Kliwon: Kasih
Jum’at : Sukra                         Legi     : Manis
Sabtu   : Tumpak                    
Ahad   : Dite                           Tuladha : Selasa Pahing : Anggara Jenar