KAWRUH LAN KABUDAYAN JAWI

Rabu, 03 Desember 2014

Jejer, Wasesa, Lesan ?

Ukara Jejer, Wasesa, Lesan lan Katrangan/ Kalimat Subyek, Predikat, Objek dan Keterangan

(Sumber: Mujiono. Jati Dhiri Basa Jawa. Ponorogo: MGMP Guru.)

Saben dina Minggu para siswa padha sinau karawitan ing sekolah.
Katrangan wektu    Jejer                 wasesa        Lesan       Katrangan

Supaya pangrembuge ukara bisa runtut, mula ora ana alane yen dirembug maneh wiwit jejer, wasesa, lesan lan katrangan.

a) Jejer utawa subyek perangane ukara kang paling baku utawa perangan kang dadi bakune ukara. Manut pranatane ukara, jejer manggon ing ngarep wasesa. Dene tembung kang bisa dadi jejer lumrahe arupa tembung aran (kata benda) utawa tembung apa bae kang dianggep kaya dene tembung aran.

b) Wasesa. Wasesa utawa predikat yaiku perangan ngandharake jejer (menerangkan keadaan subjek). Wasesa uga kalebu bakune ukara sawise jejer lan miturut urutane ukara, wasesa manggon ing samburine jejer. Wujude wasesa iku ora kudu arupa tembung kriya (kata kerja). Utawa frase tembung kriya.

c) Lesan. Lesan utawa objek yaiku perangan kang diender utawa dituju. Lumrahe sing dadi lesan iku tembung aran utawa tembung sesulih purusa (kata ganti orang). Lesan manggon ing samburine wasesa. Ora saben ukara duwe lesan. Lesan iku anane mung ukara kang wasesane awujud tembung kriya tanduk.

d) Katrangan. Katrangan iku mujudake perangane ukara kang ngandharake bab sing dikandhakake sing ukara nganti dadi luwih gambling. Katrangan bisa nerangake jejer, wasesa lan lesan. Dene manggon utawa urutane katrangan iku bisa saenggon-enggon. Dene kang bisa dadi katrangan iku ya saka tembung katrangan utawa frasa katrangan lan frasa sing nggunakake tembung ancer-ancer.

Jenenge Katrangan
Tembung kang minangka tetengere
Katrangan panggonan
Ing ana, ana ing, menyang, saka, sarta katrangan papan liyane.
Katrangan wektu
Mangsa, dhek, dhek wingi, dhek biyen, saiki, kepungkur, sadurunge, nalika, ngepasi, tembe mburi, lan sakpanunggale.
Katrangan alat/ piranti
Nanggo, karo, kanthi, mawa, ambek
Katrangan cacah
Sakabehe, sathithik, akeh, lan werna ukuran/ takeran.
Katrangan akibat
Mula, mulane, mula saka iku, wusanane
Katrangan ubaya/ syarat
Waton, angger, sauger, pokoke, saumpama, menawa, yen, yen ta.
Katrangan sebab
Sebab, jalaran, amarga, karana
Katrangan asal
Saka,, digawe saka, asale saka
Katrangan wewatesan
Nganti, ngantek
Katrangan tujuan
Supaya, kareben, murih, amrih, ing pangajab, ing pangangkah, menyang.
               

Senin, 01 Desember 2014

Wara-Wara ?

 
 
Wara-wara iku pocapan utawa tulisan sing isi awèh weruh arupa pangumuman marang wong akèh. Wara-wara biasané dikarepaké kanggo mènèhi weruh bab kahanan sing wigati . Wara-wara minangka
pretelan kang martakake saweneh kagiyatan, isine cekak aos sarta nganggo basa kang cetha, lan gampang ditampa. Lumrahe sing gawe wara-wara yaiku lembaga pemerintah, organisasi sekolah, panitia lomba, panitia amal, panitia kegiyatan, atau perseorangan.
 
Wara-wara sing becik iku kudu ana :
 
1.      Irah-irahan           
2.      Pambuka : sing diwenehi kabar   
3.      Isi  
4.      Panutup : panyuwun / pangajab  
5.      Papan lan titi mangsa
6.      Peprenah/ jabatan sing ngabari
7.      Tapak asta
8.      Asmane: sing tanggung jawab
9.      Basane cetha, gampang dingerteni
 
Wara-wara bisa kaprinci dadi sanga, yaiku :
 
1.      Paturan (laporan)
2.      Pratelan (pernyataan)     
3.      Iber-iber (plakat selebaran)        
4.      Sedhahan (ulem, undhangan)
5.      Aben trampil (perlombaan)         
6.      Patembaya (sayembara)
7.      Lelayu (seripah)
8.      Komersial (iklan)
9.      Sandi (ceramah)
 
Wujud pengumuman ana 2 yaiku 
 
1.      lesan (lumantar media elektronik)
2.      tulis (lumantar media cetak).
 
Ana pirang-pirang perkara kang kudu digatekake nalika gawe wara-wara. Perkara iku antarane: 
 
a)    Kanggo sapa wara-wara kuwi
b)   Kepriye basane
c)    Apa surasane
d)   Kepriye urut-urutane wara-wara mau 
 
Tuladha :
Woro-woro
Kanca-kanca kang daktresnani
Kanggo mahargya pengetan dinten Kamardhikan 17 Agustus, OSIS SMA Terbuka Brebes bakal nganakake lomba maca geguritan. Lomba bakal dianakake ing:
Dina                         :    Kemis
Tanggal                    :    18 Agustus 2014
Papan                      :    Lapangan SMA Terbuka Brebes
Wektu                      :    08.00 WIB
Kabeh kelas kudu ngirimake wakile ing lomba kasebut
                                                  Brebes, 1 Agustus 2014
                                                                Ketua Osis
                                                         Steven Mulyono Greg
 

Paribasan, Bebasan, Saloka


Paribasan yaiku unen-unen kang wis gumathok racikane lan mawa teges tartemtu. Dhapukaning paribasan awujud ukara utawa kumpulaning tembung (frase), lan kalebu basa pinathok. Racikaning tembung ora owah, surasa utawa tegese uga gumathok, lumrahe ateges entar. Tegese tembung lumereg, gumantung surasa lan karep kang kinandhut ing unen-unen. Paribasan ngemu teges: tetandhingan, pepindhan, utawa pepiridan (saemper pasemon). Kang disemoni manungsa, ulah kridhaning manungsa, utawa sesambunganing manungsa lan alam uripe.


Paribasan ana kang sinebut bebasan lan saloka. Diarani Bebasan Manawa lereging teges nggepok sesipatan utawa kaanan kang sambung rapet karo ulah kridhaning manungsa. Diarani Saloka menawa lereging teges magepokan karo sing disemoni, disanepani, utawa dipindhakake.Anak-anakan timun = wong kang ngepek bojo anake pupon
Andaka atawan wisaya = wong kang kena prakara banjur minggat amarga duwe pangira bakal kalah prakarane

  1. Andaka ina tan wrin upaya = wong kang didakwa nyolong nanging ora ngaku, wasana kajibah nggoleki barang kang ilang
  2. Awak pendhek budi ciblek = wong cilik tur asor bebudene
  3. Abag-abang lambe = guneme mung lamis
  4. Adol lenga kari busik = dum dum barang, nanging sing andum ora oleh bagean
  5. Akadang saksi = wong prakaran akeh sadulure kang dadi seksine
  6. Ana bapang sumimpang = nyingkiri sakehing bebaya
  7. Anirna patra = ngungkiri tulisane dhewe
  8. Angin silem ing warih = tumindak ala kanthi sesidheman
  9. Angon kosok = ngreti ulah kridhaning wong liya lan bisa empan papan tumindake
  10. Asor kilang munggwing gelas = gunem manis tur marak ati lan bisa mranani sing krungu
  11. Adhang-adhang tetese embung = nJagakake barang mung sakoleh-olehe
  12. Aji godhong garing = wis ora ana ajine (asor banget)
  13. Ana adulate ora ana begjane = arep nemu kabegjan, ning ora sida
  14. Ana gula ana semut = panggonan sing akeh rejekine, mesti akeh sing nekani.
  15. Anggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi.
  16. Angon mangsa = golek wektu kang prayoga kanggo tumindak.
  17. Angon ulat ngumbar tangan = ngulatake kaanan, yen limpe banjur dicolong
  18. Arep jamure emoh watange = gelem kepenake ora gelem rekasane
  19. Asu belang kalung wang = wong asor nanging sugih
  20. Asu gedhe menang kerahe = wong kang dhuwur pangkate mesthi wae luwih dhuwur panguwasane
  21. Asu munggah ing papahan = wong ngrabeni tilas bojone sadulur tuwa
  22. Ati bengkong oleh oncong = wong duwe niyat ala oleh dalan
  23. Ana catur mungkur = ora seneng nyampuri urusaning liyan
  24. Anak molah bapa kepradhah = wong tuwa melu repot amarga tumindake anake
  25. Arep nengkane emoh pulute = gelem kepenak emoh nglakoni rekasane
  26. Adigang, adigung, adiguna = seneng ngendelake kekuwatane, panguwasae, lan kepinterane
  27. Ancik-ancik pucuking eri = tansah was sumelang
  28. Asu marani gebug = njarag bebaya
  29. Asu rebutan balung = rebutan utawa padudon sing ora mumpangati
  30. Baladewa ilang gapite = wong gagah kang ilang kakuwatane, kaluhurane (ora duwe panguwasa)
  31. Banyu pinerang ora bakal pedhot = pasulayane sedulur ora bakal medhotake pasedulurane
  32. Bapa kesolah anak molah = yen wong tuwa oleh prakara, anak uga melu ngrasakae lan melu tanggung jawab
  33. mBarung sinang = nyela-nyela wong guneman
  34. mBalithuk kukum = mbudidaya ucul saka ing kukum utawa angger-angger
  35. mBaguguk ngutha waton = mbangkang marang pamarentah
  36. mBondhan tanpa ratu = mbangkang marang nagara
  37. mBuru kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung karuwan wekase
  38. mBuwang rase nemu kuwuk = nyingkiri piala, nanging malah nemu piala kang luwih saka ala
  39. mBuwang tilas = rewa-rewa ora mentas tumindak pagawe ala
  40. Bathang lelaku = lunga ijen ngambah panggonan kang mbebayani
  41. Beras wutah arang bali menyang takere = barang kang wis owah ora bakal bali kaya maune
  42. mBidhung api rowang = ethok-ethok nulung nanging sejatine arep ngrusuhi
  43. Blilu tau pinter durung nglakoni = wong bodho nanging sering nglakoni iku luwih pinter tinimbang wong pinter nanging durung tau nglakoni
  44. Balung tinumpuk = anak loro dimantu tunggal dina
  45. Bathang lelaku = wong lungan ijen liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
  46. Bathang ucap-ucap = wong loro lungan liwat dalan kang gawat, ngemu baya pati
  47. Bubuk oleh leng = wong duwe niyat ala oleh dalan
  48. Bung pring petung = bocah kang longgor (gelis gedhe)
  49. Buntel kadut, ora kinang ora udut = wong nyambut gawe borongan, ora oleh opah dhuwit, mangan, lan udut
  50. Busuk ketekuk, pinter keblinger = sing bodho lan sing pinter padha nemu cilaka
  51. Becik ketitik ala ketara = sing becik bakal tinemu, sing ala bakale ketara
  52. Belo melu seton = bisane mung melu-melu, ora ngerti sing dikarepake
  53. Mburu uceng kelangan deleg = nguyak barang sepele kelangan barang sing aji
  54. Bathok bolu isi madu = dianggep wong lumrah nanging sugih kepinteran, utawa wong ala rupane nanging manis bebudene
  55. Bebek diwuruki nglangi = wong pinter diwulang mesthi gelis bisa
  56. Bebek mungsuh mliwis = wong loro padha dene pintere mungsuhan, nanging sing siji luwih trengginas
  57. Bima akutha wesi = wong gedhe kang kukuh panguwasane
  58. Bramara mangun lingga = wong lanang gumagusan ing ngarepe wong wadon kang disiri
  59. Brekithi angkara madu = wong kacilakan marga barang kang banget dikaremi
  60. Byung-byung tawon kambu = wong ela-elu, senengane padha kumpul tanpa ana prelune
  61. Calak cangkol kendhali bol, cemethi tai = nyela-nyela gunem kang ora ana pedahe
  62. Carang canthel = ora diajak guneman nanging melu-melu ngrembug
  63. Car-cor kaya kurang janganan = ngomong ceplas-ceplos ora dipikir dhisik
  64. Cathok gawel = seneng cawe-cawe mesthi ora diajak guneman
  65. Cecak nguntal elo = gegayuhan sing ora jumbuh karo kahanane
  66. Cebol nggayuh lintang = wong duwe panggayuh kang mokal kecandhake
  67. Cebol nggayuh langit = wong duwe panjangka kang tanpa ana kawusanane
  68. Cecak nguntal cagak = gegayuhan kang ora imbang kekuwatane
  69. Cedhak celeng boloten = cedhak karo wong ala bakal katut ala
  70. Cengkir ketindhihan kiring = wong lanang didhisiki anggone rabi dening adhine
  71. Cikal apupus limar = wong oleh kabegjan kang luwih saka mesthine
  72. Cobolo mangan teki = wong bodho banget tur tumindak asor
  73. Cocak nguntal elo = wong tumandang gawe kang ora laras karo kaanane
  74. Cumbu laler = wong kang teka lunga pamanggone
  75. Ciri wanci lalai ginawa mati = pakulinan ala ora bisa diowahi yen durung nganti mati
  76. Cincing-cincing meksa klebus = karepe ngirid nanging malah entek akeh, karepe mung climen wekasan entek wragat akeh
  77. Criwis cawis = seneng maido nanging ya seneng menehi (muruki)
  78. Cuplak andheng-andheng, yen tan pernah panggonane = wong kang tansah sulaya karo rembuge wong akeh
  79. Crah gawe bubrah, rukun gawe santosa = pasulayan njalari ringkih, karukunan njalari kuwat.
  80. Cedhak kebo gupak = sesrawungan karo wong ala bisa melu-melu
  81. Dahwen ati open = nacad nanging mbenerake wong liya
  82. Digarokake dilukokake = dikongkon nyambut gawe abot
  83. Dudu sanak dudu kadang, yen mati melu kelangan = senajan wong liya yen nemoni rekasa bakal dibelani
  84. Duka yayah sinipi, jaja bang mawinga-winga = wong kang nesu banget
  85. Dhandhang diunekake kuntul, kuntul diunekake dhandhang = bab ala dikandhakke becik, bab becik dikandhakkke ala
  86. Derman golek momongan = wong wis akeh kewajibane isih golek gawean kang ngimbuhi ribed
  87. Desa mawa cara negara mawa tata = saben panggonan duwe tata car dhewe-dhewe
  88. Dadia godhong moh nyuwek, dadia banyu moh nyawuk = wis emoh sapa aruh
  89. Dhalang kerubuhan panggung = wong tanpa bisa kumecap marga nemu wiring
  90. Dhandhang diunekake kuntul = wong ala dikira becik
  91. Dhandhang ngelak = wong kang ngajab patining liyan
  92. Dhadhap ketuwuhan cangkring = kumpulane wong becik kaworan wong ala atine
  93. Dhayung oleh kedhung = wong tumandang gawe kanthi kepenak jalaran cocog lan saranane
  94. Dhemit ora ndulit, setan ora doyan = ana ngendi papan tansah slamet
  95. Dibeciki mbalang tai = mbeciki wong liya oleh pinwales piala
  96. Dikempit kaya wade, dijuju kaya manuk = banget ditresnani
  97. Dolanan ula mandi = njarag tumindak gawe kang ngemu bebaya
  98. Dudu berase ditempurake = nyambungi guneman, nanging ora cundhuk karo sing dirembug
  99. Durung cundhuk, acandhak = ora ngerti perkarane melu urun gunem
  100. Dhadhakan anglayoni = mementahi rembug sing wis mateng
  101. Dudutan lan anculan = wong loro padha kethikan: sing siji ethok-ethok ora ngerti
  102. Durung ilang pupuk lempuyange = dianggep isih kaya bocah cilik
  103. Durung pecus keselak betus = durung sembada wis duwe kekarepan neka-neka
  104. Duk sandhing geni = wong lanang jejer turu karo wong wadon dudu bojone
  105. Diwenehi ati ngrogoh rempela = diwenehi sithik isih kurang panarima
  106. Dipalangana mlumpat, ditalenana medhot = arepa dikaya ngapa yen wis takdhire bisa kalakon
  107. Dom sumuruping banyu = telik sandi (mata-mata), laku sesidheman kanggo meruhi wewadi
  108. Eman-eman ora keduman = karepe eman malah awake dhewe ora keduman
  109. Embuh nila embuh etom = wong kang nyaruwe alaning liyan, nanging dheweke ugamelu nglakoni
  110. Embat-embat celarat = wong nyambut gawe kanthi ngati-ati banget
  111. Emprit abuntut bedhug = wong kang nggedhekake perkara sing maune sepele
  112. Enggon welut diedoli udhet = wong pinter dipameri kepinteran sing ora sepiraa
  113. Endhas gundhul dikepeti = wong sing wis kepenak uripe oleh kamukten
  114. Esuk dhele, sore tempe = ora antep, atine molah-malih
  115. Emban cindhe, emban siladan = tumindak ora adil
  116. Entek amek, kurang golek = diuneni akeh-akeh
  117. Entek jarake = wis entek kasugihane
  118. Gajah alingan teki = wong gedhe sendhen prekarane wong cilik
  119. Gajah marani wantilan = wong kang njarag nemoni bebaya
  120. ngGajah elar = wong kang sarwa kasembadan kekarepane
  121. Gajah ngidak rapah = wong gedhe (agung) nrajang wewalere dhewe
  122. Gajah perang karo gajah, kancil mati ing tengah = wong gedhe padha pasulayanwong cilik sing dadi korban
  123. Galuga sinalusur sari = wong becik rupane, utama bebudene
  124. Gambret singgang mrakatak ora ana sing ngeneni = wong wadon kenes ora ana wong lanang sing nakokake
  125. Gagak nganggo laring merak = wong cilik tumindak kaya-kaya wong gedhe
  126. Garang garing = wong semugih nanging sejatine kekurangan
  127. Gayuk-gayuk tuna, nggayuh-nggayuh luput = samubarang kang dikarepake ora bis keturutan
  128. Gliyak-gliyak tumindak, sareh pikoleh = senajan alon-alon anggone tumindak nanging bisa kelakon
  129. Golek banyu bening = meguru golek kawruh sing becik
  130. Nggutuk lor kena kidul = ngarani/ndakwa sing ora bener
  131. Nggenthong umos = wong kang ora bisa nyimpen wewadi
  132. Gawe luwangan, ngurugi luwangan = utang kana, nyaur kene
  133. nGGayuh tawang = tumandang gawe kang tanpa pituwas
  134. Gecul ngumpul bandhol ngrompol = wong ala padha saiyeg tumindak ala
  135. Gedhang apupus cindhe = wong duwe kamelikan kang ora salumrahe
  136. Geguyon dadi tangisan = gegojegan, wasana gawe susah
  137. Gemblung jinurung, edan kawarisa = tumindak nekad, nanging malah nemu kabegjan
  138. Gendhon rukon = tumindak bebarengan amrih padha kepenake
  139. Geni guntur nila bena = dhawuhing nagara kudu linakonan
  140. nGgenteni watang putung = nglungsur kalungguhane wong kang wis mati
  141. nGgepuk kemiri kopong = tumindak gawe kang tanpa kasil
  142. nGgered ori saka pucuk = tumandang tanpa petung, wasana gawe rekasa awake dhewe
  143. Giri lusi janma tan kena ingina = wong katone bodho jebul sugih kawruh
  144. Golek-golek ketanggor wong luru-luru = arep tumindak ala, wasana kepergok wong kang uga tumindak ala
  145. Gondhelan poncoting tapih = nggantungake urpe marang bojo
  146. Gotong mayit = lungan mung wong telu ngliwati papan sing mbebayani
  147. Greget-greget suruh = nggregetake ati nanging ngemu rasa seneng
  148. ngGugat kayu aking = mrakarakake wong kang wis mati
  149. Gumembrang ora adang = kelangan barang tanpa ana sing weruh
  150. Gumendheng ora nggoreng = kelangan barang tanpa ana sing weruh
  151. ngGutuk api lamur = mitenah wong liya kanthi ethok-ethok ora ngerti wong sing dipitenah
  152. Gupak pulute ora melu mangan nangkane = melu rekasa nanging ora melu ngrasakake kepenake
  153. Glugu ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kecampuran wong ala bebudene
  154. Glundhung semprong = wong wadon omah-omah ora nggawa bandha mapan ing omahe sing lanang
  155. Gong lumaku tinabuh = wong geleme omong mung yen ditakoni
  156. Idu geni = sakuni-unine kelakon
  157. Idu didilat maneh = njabel rembug sing wis kawetu
  158. Iwak kecemplung wuwu = kena diapusi kanthi gampang
  159. Ing ngarsa sung tuladha, ing madya mangun karsa, tut wuri handayani = yen ana ngarep nyontoni, ana tengah menehi greget (karep), ana mburi menehi daya
  160. Jer basuki mawa beya = sakabehing gegayuhan mbutuhake wragad (pengorbanan)
  161. nJabung alus = ngapusi kanthi tembung manis
  162. nJaring langit = tumindak gawe kang tanpa asil
  163. nJaring angin = tumindak gawe kang tanpa asil
  164. Jinjang api goyang = ora nggugu kandhaning liyan nanging malah gawe kapitunan
  165. Jalma tan kena kinira = manungsa iku ora kena diremehake
  166. Jati ketlusuban ruyung = kumpulane wong becik kelebon wong ala
  167. Njagakake endhoge si blorok = ngarep-arep barang sing durung mesthi
  168. Njajah desa milangkori = wis tekan ngendi-endi
  169. Jalma angkara mati murka = nemoni cilaka jalaran angkara murkane
  170. Jamur tuwuh ing sela = wong kang uripe memelas
  171. nJalukan ora wewehan = seneng njaluk ora gelem menehi
  172. Jaran kerubuhan empyak = wong kang wis kanji (kapok, wedi) banget marga lelakon sing wis tau gawe wedi
  173. Jarit luwas ing sampiran = wong duwe kepinteran nanging ora ana sing nganggo utawa ngangsu kapinterane, lawas-lawas wong iku tanpa guna
  174. nJujul muwul = prakara kang nambah-nambahi rekasa, utawa wis sarwa akeh lan torah (kecukupan) isih oleh wuwuh (tambahan) maneh
  175. nJunjung ngantebake = ngalembana nanging duwe niyat ngasorake
  176. Kaduk wani kurang deduga = watak wong enom sing grusa-grusu kurang petung
  177. Kalah cacak menang cacak = samubarang pagawean luwih becik dicoba dhisik bisa lan orane
  178. Karna binandhung = kabar kang lumembar sarana gethok tular
  179. Kebak sundukane = wis akeh anggone gawe piala
  180. Kebak sundukane = kakehan dosa, akeh sing disulayani
  181. Kebanjiran segara madu = nemu kabegjan kang gedhe banget
  182. Kebat kliwat, gancang pincang = tumindak kang kesusu mesthi ora kebeneran
  183. Kebo bule mati setra = wong pinter ning ora ana sing merlokake
  184. Kebo ilang tombok kandhang = wis kelangan ngetokake wragat maneh kanggo nggoleki malah ora ketemu
  185. Kebo lumumpat ing palang = wong gedhe nggagahi prakarane sadulur utawa kaluwargane dhewe
  186. Kebo kabotan sungu = wong ngrekasa uripe marga kabotan butuh, kakehan anak
  187. Kebo lumaku dipasangi = wong kang gelem tumandang gawe yen dituntun (diwarahi)
  188. Kebo nusu gudel = wong tuwa njaluk wuruk marang wong enom
  189. Kebo mulih nyang kandhange = wong sing wis suwe lelana bali nyang asale
  190. Kebo mutung ing pasangan = wong ninggal pagaweane sing durung sida ditandangi
  191. Kecing-kecing diraupi = tumindak gawe kanthi wani njejaluk tanpa ngrasa isin
  192. Keduwung nguntal wedhung = wis kebanjur tumindak, arep mundur wis lumaku, arep maju wis rekasa
  193. Kepaten obor = kelangan aluran pasedulurane
  194. Keri tan pinecut = gelem tumindak gawe tanpa diprentah
  195. Kulak warta adol prungon = oleh kabar banjur ditularake marang liyan
  196. Kumrisik tan kanginan = rumangsa tanpa disaruwe
  197. Kuping budheg dikoroki = ora ngreti kathik dikandhani, wasana kepengin ngreti prekarane
  198. Kakehan gludhug kurang udan = akeh sing diomongake ananging ora nyata
  199. Kaya banyu karo lenga = paseduluran kang ora bisa rukun
  200. Kadang konang = wong kang diaku sedulur yen wonge sugih (duwe pangkat)
  201. Kacang atinggal lanjaran = anak kang ora memper bebudene wong tuwane
  202. Kacang mangsaa ninggal lanjaran = anak iku lumrahe bebudene memper wong tuwane
  203. Kandhang langit, bantal ombak, kemul mega = ora duwe papan (omah)
  204. Katepang ngrangsang gunung = wong asor pengin nggayuh pangkat luhur
  205. Katon cempaka sewakul = wong kang manjila dhewe, beda klawan pepadhane
  206. Kajugrukan gunung menyan = oleh kabegjan gedhe banget
  207. Kawuk ora weruh slira = wong cilik ambeke kaya wong gedhe
  208. Kebanjiran segara madu = nemu kebegjan (rejeki) sing gedhe
  209. Kegedhen empyak kurang cagak = wong kang duwe panjangka ning ora sembada
  210. Kekudhung walulang macan = ngapusi nganggo jenenge wong kang diwedeni
  211. Kelacak kepathak = ora bisa mungkir jalaran wis kebukti
  212. Kemladhean ngajak sempal = wong mondhok gawe rusak sing dipondhoki
  213. Kendhit miming kadang dewa = wong kang ora pasrah ing paeka
  214. Keplok ora tombok = melu seneng ananging ora melu wragad, utawa wong kang senengane maido ning ora gelem melu cawe-cawe
  215. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ananging ora sembada
  216. Kena iwake aja nganti butheg banyune = ngrampungi prakara kanthi ngati-ngati
  217. Kejugrukan gunung madu = nemu kanugrahan
  218. Kethek saranggon = grombolane wong ala
  219. Kencana katon wingka = arepa becik disawang ora becik
  220. Kendel ngringkel, dhadhag ora godhak = ngakune kendel tur pinter jebule jirih tur bodho
  221. Kenes ora ethes = wong sing sugih nanging ora disenengi
  222. Kriwikan dadi grojogan = prakara sepele dadi prakara gedhe
  223. Kere munggah bale = wong asor diprecaya dadi panguwasa (wong pangkat)
  224. Kere nemoni malem = wong miskin kinembong ing pangan
  225. Kere menangi Mulud = wong miskin kinembong ing pangan
  226. Kerot ora duwe untu = duwe kekarepan ning ora duwe wragad
  227. Kerubuhan gunung = wong nemoni kesusahan sing gedhe banget
  228. Kesandhung ing rata kebentus ing tawang = oleh cilaka sing ora dinyana-nyana
  229. Ketula-tula ketali = wong kang tansah nandhang sengsara
  230. Kethek saranggon = kumpulane wong kang tindake ala
  231. Kinjeng tanpa soca = wong tandang gawe ora ngerti ancas tujuwane
  232. Kaleyang kabur kanginan, ora sanak ora kadang = wong sing ora duwe panggonan utawa omah tetep
  233. Klenthing wadhah masin = wong ala sanajan tumindak becik, tabet-tabete wong ala isih ketara (angel ninggalake pakulinane tumindak ala
  234. Kodhok nguntal gajah = wong duwe trekah sing mokal kalakone
  235. Kongsi jambul uwanen = nganti tumekan tuwa banget
  236. Kriwikan dadi grojogan = prakara kang maune cilik dadi gedhe
  237. Krokot ing galeng = wong kang mlarat banget
  238. Kucing-kucing diraupi = wong duwe gawe kanthi nekad, sanajan direwangi wiring isin
  239. Kudhi pacul singa landhepa =wong adu kapinteran, sing pinter sing bakal nemu kabegjan
  240. Kudhung walulang macan = wong golek utangan nganggo sendhen asmane wong gedhe utawa wong kuwasa
  241. Kumenthus ora becus = seneng umuk nanging ora mrantasi karya (sembada)
  242. Kuntul diunekake dhandhang = wong becik dianggep wong ala
  243. Kurung munggah lumbung = wong rena dipek bojo sing duwe omah
  244. Kutuk nggendhong kemiri = wong kang nganggo kang sarwa aji (apik) liwat dalan kang mbebayani
  245. Kutuk marani sunduk, ula marani gebuk = wong kang njarag (marani) bebaya
  246. Kuncung nganti tumekan gelung = suwe banget anggone ngenteni
  247. Ladak kecangklak = wong kang angkuh nemoni pakewuh marga tumindake dhewe
  248. Lahang karoban manis = wong kang rupane bagus-ayu tur luhur bebudene
  249. Lanang kemangi = wong lanang kang jirih
  250. Lawas-lawas kawongan godhong = wis lawas pangabdine, nanging ora banjur dibuwang, tanpa oleh pangkat
  251. Lebak ilining banyu = wong asor kanggo tiban-tiban yen ana prakara
  252. Ledhang-ledhang nemu pedhang = nemu kabegjan tanpa kanyana-nyana
  253. Legan golek momongan = wong kang wis kepenak malah njarag golek gawean (rekasa)
  254. Lambe satumang kari semerang = menehi pitutur nganti kesel, ora digubris
  255. Lumpuh ngideri jagad = duwe gegayuhan sing mokal kelakon
  256. Lungguh klasa gumelar = ora melu rekasa nanging nemu kepenak
  257. Macan guguh = wong gedhe (kuwasa) wis ora kajen keringan
  258. Madu balung tanpa isi = rebutan samubarang kang tanpa guna
  259. Malang-malang tanggung = ngewuhake, arep ditinggal nggrundel, yen dilokake ora mrantasi gawe
  260. Mancak wadhah tulupan = wis suwe nyambut gawe nanging tanpa duwe celengan
  261. Mecel manuk miber = sarwa kasembadan, sabarang tindake mawa kasil
  262. Mendhak alingan, wekasan katon = tumindak nylamur, nanging wekasan ngaku, jalaran konangan wong akeh
  263. Maju tatu mundur ajur = prakara kang sarwa ndadekake pakewuh, utawa mbudi daya kepiye wae nanging ora kasil
  264. Matang tuna numbak luput = tansah luput kabeh panggayuhane
  265. Mbuwang tilas = ethok-ethok ora ngerti marang tumindake kang ala kang dilakoni
  266. Meneng widara uleren = katone anteng nanging sejatine ala atine
  267. Menthung koja kena sembagine = rumangsane ngapusi, nanging sejatine malah kena apus
  268. Merangi tatal = mentahi rembug kang wis mateng
  269. Micakake wong melek = ora nganggep wong sing meruhi dhewe
  270. Midak sikil, njawil mungkur = kethikan ora ngetarani
  271. Midak tembelek ora penyek = ora duwe kekuwatan kanggo tandang gawe
  272. Mirong kampuh jingga = mbalela marang nagara
  273. Mrojol ing akerep = nyebal saka kalumrahaning wong akeh
  274. Milih-milih tebu boleng = kakehan milih, wekasan oleh kang ora becik
  275. Mikul dhuwur mendhem jero = bisa njunjung drajade wong tuwa
  276. Mubra-mubru mblabar madu = wong kang sarwa kecukupan
  277. Meneng kitiran = ora bisa anteng
  278. Mbrojol saselaning garu = ora ana sing madhani kepinterane, utawa wong kang luput saka bebaya
  279. Nabok nyilih tangan = tumindak ala kanthi kongkonan wong liya
  280. Naga mangsa tanpa cala = wong kang mrana-mrana ngrasani alaning liyan
  281. Ngagar metu kawul = ngojok-ojoki supaya dadi pasulayan, nanging sing diojok-ojoki ora mempan
  282. Ngajari bebek nglangi = panggawean sing ora ana paedahe
  283. Ngalasake Negara = wong sing ora manut pranatane Negara
  284. Ngalem legining gula = ngalembana kapinterane wong kang pancen pinter (sugih)
  285. Ngaturake kidang lumayu = ngaturake barang kang wis ora ana
  286. Nagara mawa tata, desa mawa cara = saben papan duwe adapt lan aturan dhewe-dhewe
  287. Nampel puluk = mitenah kabegjane wong liya
  288. Nandur wiji keli = ngopeni turune wong kasrakat
  289. Nasabi dhengkul = nutup-nutupi kekurangane sadulur supaya oleh kauntungan
  290. Natas tali gumantung = putusan kang ora ana kawusanane
  291. Nebak wong mangan = gawe rugine wong kang oleh kamukten
  292. Nemu kuwuk = wong njaluk tulung marang liyan ora nganggo mara ing omahe
  293. Ninggal bocah ing waton = nyumelangake samubarang sing wis kelakon
  294. Nitipake daging serep = titip anak wadon marang besan
  295. Nucuk ngiberake = wis disuguh mulihe isih mbrekat suguhan
  296. Nulung menthung = karepe aweh welas, nanging malah gawe rekasane
  297. Nuntumake balung pisah = bebesanan karo sedulur kang wis adoh alurane
  298. Nututi baling wis tiba = njabel wicara kang wis kawetu
  299. Nututi kidang lumayu = nguyak samubarang kang durung cetha lan durung mesthi olehe
  300. Ngadu singating andaka = gawe dukaning panggedhe
  301. Ngadhepi celeng boloten = cedhak-cedhak wong ala bebudene
  302. Nglungguhi klasa gumelar = nindakake pegawean kang wis tumata
  303. Ngotragake gunung = wong cilik-asor bisa ngalahake wong gedhe-luhur, nganti gawe kagete wong akeh
  304. Nguthik-uthik macan dhedhe = njarag wong kang wis lilih nepsune
  305. Nguyahi segara = weweh marang wong sugih kang ora ana pituwase
  306. Nyangoni kawula minggat = ndandani barang kang tansah rusak
  307. Nguthik-uthik macan turu = gawe nesu (golek gaweyan)
  308. Nyolong pethek = luput saka pangira
  309. Ngobak banyu bening = gawe rerusuh ing papan kang tentrem
  310. Nguyahi segara = nulung wong sing kecukupan
  311. Nandur pari jero = gawe ngamal kabecikan
  312. Nututi layangan pedhot = nggoleki barang sing angel ketemune
  313. Ngaji mumpung = ngatogake kekarepan mumpung ana wektu becik
  314. Ngalem legining gula = ngalem kepinterane wong winasis
  315. Ngandel tali gedebog = mrecaya barang kang ora mitayani
  316. Ngantuk nemu kethuk = enak-enak ora nyambut gawe nanging oleh kabegjan
  317. Ngangsu banyu ing kranjang = golek ngelmu nanging ora pinter marga ngelmune
  318. Ngaub ngawar-awar = golek pangayoman marang wongmiskin
  319. Nguwod gedebog = wong nemu kacilakan merga panggawene wong liya
  320. Nguyang lara nempur pati = njarag marang kacilakan
  321. Nguyuh aling-alingan sada = ngumpetake kekurangane, nanging ora murwat lan sranane
  322. Ngabuk wong meteng = milara wong kang tanpa daya
  323. Ngemping lara nggenjah pati = njarag marang kasangsaran
  324. Ngempukake watu item = nganggep remeh prakara abot
  325. Ngemut legining gula = ngrumat baranging liyan, bareng ngreti yen ana gunane banjur dipek dhewe, ora diwenehake sing duwe
  326. Ngenteni timbale watu item = ngarep-arep samubarang kang ora bakal teka
  327. Ngetutake poncoting tapih = melu sapari lungane bojo
  328. Nggepuk kemiri kopong = tumandang gawe kang tanpa pituwas
  329. Nglancipi singating andaka = natang wong kang kawasa
  330. Nglangi ing tengah mati ing pinggir = apa kang digarap tanpa karampungan
  331. Nglumahake, ngurepake = bebesanan anak loro lanang wadon padha nggawa lan padha olehe
  332. Ngarebake sikut = nenonton mung kanggo golek sukan-sukan
  333. Ngrampek-ngrampek kethek = nyanak marang wong ala
  334. Ngrangsang-ngrangsang tuna = samubrang kang ginayuh ora kena
  335. Ngrusak pager ayu = ndhemeni bojoning liyan
  336. Nrenggiling api mati = wong ethok-ethok ora ngrungu guneme liyan, nanging sabenere niling-nilingake
  337. Numpal keli = wong lelungan mung nunut kancane
  338. Nusup ngayam alas = wong lelungan kanthi mlebu metu padesan lan ngliwati omah-omahe wong akeh
  339. Nyambung watang putung = ngruunake sedulur kang cecongkrahan
  340. Nyawat mbalang wohe = duwe panpgangkah sarana pitulungane sedulur sing diangkah
  341. Nyeret pring saka pucuk = pagawean gampang malah dingel-ngel
  342. Nyundhang bathang bantheng = ngangkat priyayi turunane bangsa luhur kang wis ora duwe pangawasa
  343. Nyunggi lumpang kentheng = rabi ayu turune wong luhur
  344. Obor blarak = mung sawetara wae
  345. Obah owah = barang dadi becik mbutuhake wragad
  346. Obah mamah = yen gelem makarya, bakale akeh rejeki
  347. Obah ngarep kobet mburi = wani rekasa dhisik, mbesuke bakal kepenak
  348. Opor bebek, mentas dhewek = rampungae saka reka dayane dhewe
  349. Ora ana banyu mili mandhuwur = watak iku tumurun marang anak
  350. Ora ana kukus tanpa geni = ora ana akibta tanpa sebab
  351. Ora gonja ora unus = wis rupane ala, bebudene uga ala
  352. Ora jaman ora makam = ora genah asal kamulane
  353. Ora mambu enthong irus = ora ana sambung rapete bab aluran paseduluran
  354. Ora ngerti kenthang kimpule = ora weruh prakara sing dirembug
  355. Ora polo ora uteg = bodho banget
  356. Ora tembung ora lawung = njupuk barange liyan tanpa jawab
  357. Ora weruh alip bengkonge = ora ngreti aksara
  358. Othak-athik didudut angel = katone sarwa ganpang bareng ditemenani ora ana nyatane
  359. Ora kingan ora udut = ora mangan apa-apa
  360. Ora uwur ora sembur = ora gelem cawe-cawe (aweh pitulung)
  361. Palang mangan tandur = wong kang diwenehi kapercayan njaga nanging malah ngrusak
  362. Pandengan karo srengenge = memungsuhan karo panguwasane
  363. Pandhitane antake = laire katon suci batine ala
  364. Pecruk tunggu bara = wong kang dipasrahi tunggu barang kang dimelik (dadi kesenengane)
  365. Pupur sadurunge benjut = becik jaga-jaga utawa tumindak ngati-ati
  366. Pupur sawise benjut = ngati-ati sawise nemu bebaya
  367. Pinter keblinger busuk ketekuk = sarwa cilaka, tansah kena paeka
  368. Pitik trondhol diumbar ing padaringan = wong miskin dipracaya manggon ing papan kang mubra-mubru pangan
  369. Pupur sawise benjut = tumindak ngati-ati bareng wis ketaman
  370. Raga tanpa mule = rana-rene mung disawiyah, ora kajen
  371. Rupak jagade = ora duwe papan pasrawungan
  372. Rame ing gawe, sepi ing pamrih = gelem tandang gawe ora amarga golek opah
  373. Ramban-ramban tanggung = wong ngira alaning liyan, nanging isih ragu-ragu
  374. Rawe-rawe rantas, malang-malang putung = sakehing pepalang bisa disingkirake
  375. Rampek-rampek kethek = wong kang nyedhak-nyedhak wong ala, ora wurung oleh piala saka wong iku
  376. Rebut balung tanpa isi = pasulayan marga barang kang sepele
  377. Regem-regem kemarung = wong kang ngrangkani wong liya kang sok nglarani (gawe cilaka)
  378. Renggang gula kumepyur pulut = wong kang raket banget anggone kekancan
  379. Rindhik asu digitik = dikongkon nindakake pegawean kang ora cocog karo kekarepane
  380. Rupa nggendhong rega = merga barange apik mula regane ya larang
  381. Rukun agawa santosa, crah agawe bubrah = yen padha rukun mesthi padha santosa, yen padha congkrah mesthi bakal rusak
  382. Rubuh-rubuh gedhang = wong kang ela-elu tumindake liyan (melu-melu)
  383. Sing salah seleh = sing salah bakal nampa akibate
  384. Sembur-sembur adas, siram-siram bayem = bisa kaleksanan marga pandongane wong akeh
  385. Sadumuk bathuk sanyari bumi = pasulayan dilabuhi toh pati
  386. Satru munggwing cangklakan = wong kang dadi mungsuh ing lingkungan sanak sedulur
  387. Satu munggwing rimbagan = wong loro kang anggone kekancan padha cocoge
  388. Suduk gunting tatu loro = nampa kesusahan (kasangsaran) bareng-bareng (ngiwa nengen)
  389. Sabar sareh mesthi bakal pikoleh = tumindak samubrang aja kesusu
  390. Sabaya pati sabaya mukti = kerukunan nganti tekaning pati
  391. Sadumuk bathuk senyari bumi = pasulayan nganti dilabuhi tekan pati
  392. Sandhing kirik gudhigen = wong kang srawung karo wong ala, ora wurung ketularan alane
  393. Sandhing kebo gupak = wong kang cedhak wong tumindak ala, bisa-bisa katut ala
  394. Sanggar waringin = wong kang dadi pangayomane wong akeh
  395. Sepi ing pamrih rame ing gawe = nindakake pagawean kanthi ora duwe kamelikan apa-apa
  396. Sluman-slumun slamet = sanajan kurang ngati-ati nanging isih diparingi slamet
  397. Sumur lumaku tinimba, gong lumaku tinabuh = wong kang geleme tumandang gawe yen diajak utawa dikancani wong sing wis pinter
  398. Sadawa-dawane lurung isih dawa gurung = kabar iku mesthi sumebar adoh, lan adoh karo kanyatane
  399. Sapikul sagendhongan = andum barang kanthi kukum kang murwat lan kaanane
  400. Sendhen kayu aking = prakaran gondhelan wong kang wis mati
  401. Singidan nemu macan = dhelikan marga tumindak ala nanging malah kawruhan panggedhene
  402. Si gedheg lan si anthuk = wong loro kang wis padha kangsen tumindak ala bebarengan
  403. Simbar tumrap sela = wong kang uripe ngrekasa, awit ora duwe sumber pangan sing gumathok
  404. Tebu tuwuh socane = wong sing alus lan mans tembunge nanging ala aten-atenane
  405. Tekek mati ulone = wong kang nemoni cilaka marga saka gunemane dhewe
  406. Tembang rawat-rawat, bakul sinambewara = kabar kang durung mesthi salah lan benere
  407. Tulung menthung = katone aweh pitulungan, nanging gawe susah
  408. Tega larane ora tega patine = arepa kaya ngapa sedulur iku perlu dibelani
  409. Tigan kaapit sela = wong kang ana ing sajroning bebaya, tansah was-sumelang atine
  410. Timun jinara = prakara gampang banget
  411. Timun wungkuk jaga imbuh = wong kang kanggo genep-genep (jaga-jaga yen kekurangan)
  412. Timun mungsuh duren = wong ringkih mungsuh wong kuwat
  413. Tuna satak bathi sanak = rugi petung (bandha) nanging tambah sedulur
  414. Tunggal banyu – tunggal guru
  415. Tinggal glanggang colong playu = ora wani tanggung jawab (keplayu ing peperangan)
  416. Tumbak cucukan = wong kang seneng pradul (adu-adu) marang liyan
  417. Tumbu oleh tutup = wong loro sing cocog aten-atenane
  418. Tumper cinawedan, wedang lelaku = wong kang angger duwe bojo, bojone mati (wong kang diseriki kanca-kancane)
  419. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati = turune wong cilik bisa dadi wong gedhe, turune wong gedhe ora bisa oleh kalungguhan dhuwur, utawa prakara ala ngambra-ambra dene prakara becik kari sethithik
  420. Tunggak kalingan rone = tilas wong gedhe wis ora katon gedhene utawa luhur pangkate
  421. Tunggak kemadhuh = wong kang maune dadi mungsuh
  422. Tunjung tuwuh ing sela = wong kang maune dadi mungsuh
  423. Thenguk-thenguk nemu kethuk = nyambutgawe sakpenake nanging meksa nemu kabegjan
  424. Ucul saka kudangan = luput karo gegayuhane
  425. Ula marani gitik (gebug) = wong kang njarag marang bebaya
  426. Ulat madhep ati kareb = wis manteb banget kekarepane
  427. Ungak-ungak pager arang = duwe melik marang bojoning liyan
  428. Ulangan cumbon = angger lunga, ora suwe bali maneh
  429. Uyah kecemplung segara = menehi barang sethithik marang wong sugih banget
  430. Undhaking pawarta sudaning kiriman = kabar sing sumebar beda nyatane
  431. Udan tangis = akeh wong sing kesusahan amarga ketaman bencana
  432. Uwod gedebog = wong kang ora kena diprecaya kanggo lantaran rembug
  433. Wastra bedhah kayu pokah = wong nandhang tatu, babak kulite, putung balunge (wong ketula-tula uripe)
  434. Watra lungset ing sampiran = wong pinter ora diguroni wong liya nganti tuwa
  435. Wedi rai wani silit = wanine mung saka mburi, wedi yen adhep-adhepan
  436. Wedhus diumbar ing pakacangan = wong mlarat dipercaya njaga barang pakaremane
  437. Weruh ing grubyug, ora weruh ing rembug = melu-melu tumindak nanging ora ngerti kang dikarepake
  438. Wiwit kuncung nganti gelung = nuduhake wektu sing suwe banget (saka bocah nganti tuwa)
  439. Welsa tanpa alis = arep tetulung (melasi) wong liya nanging malah dadi bilaine
  440. Waras-wiris = sehat
  441. Wong wadon cowek gopel = drajating wong wadon kang ora pangaji
  442. Wis kebak sundukane = wis akeh banget kaluputane
  443. Yuwana mati lena = wong becik nemu cilaka jalaran ora ngati-ati
  444. Yitna yuwana, lena kena = sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana cilaka
  445. Yuyu rumpung mbarong ronge = wong kang nyantosani omahe, amarga wedi diganggu gawe wong liya kang ala pakartine
  446. Yiyidan munggwing rampadan = biyene wong durjana saiki dadi wong alim
  447. Yoga anyangga yogi = murid nirokake piwulange guru

Sesorah/ Pidhato

Sesorah


Sesorah utawa pidhato utawa tanggap wacana yakuwi njlentrehaké idhe utawa pokok pikiran kanthi wujud tembung- tembung kang diucapaké marang wong akéh. Tujuan lan isi tanggap wacana utawa pidhato iku werna- werna, ana kang tujuane kanggo menéhi hiburan, menéhi informasi, utawa ajak- ajak marang kang rungokaké supaya nindaki apa kang dikarepaké pemicara. Déné miturut kaanané, jinisé pidhato iku uga werna- werna, yakuwi: kaanan resmi, setengah resmi, ora resmi, lan sapanunggalané. Kepriyé carané pidhato kang apik lan kasil bakal dijlentrehaké ing kéné. Wektu Pidhato pemicara iku digatekaké déning kabéh kang rungokaké. Kabéh kang ana ing pemicara saka klambi, rambuté, tekan carané mlaku ing podium digatekaké déning pamirengé. Kepriyé carané ngadeg uga ora luput saka pengamatanné pemireng pidhato iku. Apa kang ora pas saka pemicara bisa dadi bahan panacad déning para pemireng. Panacad iku nyebabaké pidatoné ora kasil kanthi apik.

1. Carané Nganggo Klambi. Klambiné kudu resik, rapi, sopan, lan jumbuh kaliyan kaanané pemireng pidhato iku. Carané nganggo penganggon utawa klambi kudu bener., umpamane: peciné ora miring, dasiné anggoné nalekaké wis bener. Jinisé klambi uga kudu nyesuaiaké karo pemirengé, yén pemirengé nganggo jas pemicarané beciké uga nganggo jas, yén pemirenge nganggo hem lengen dawa becike pemicarane uga nganggo hem lengen dawa.

2. Carané Ngadeg ing Podium. Sadurungé diwènéhi wektu déning wong kang macakaké pranata adicara, beciké pemicara lungguh ana papan kang rada ndelik. Aja lungguh ana ngarepé pemireng, amarga penampilané mengko ora duwéni kejut. Anggoné mlaku anuju podium kudu kanthi lumrah, ora digawé- gawé. Sadurungé ngomong, ambegan lan nyawang kabéh para pamirengé kanthi sumringah. Anggoné ngadeg kanthi jejeg lan aja nyenderaké awak ing podium.

3. Carané Nggocèki Mikrofon. Mikrofon kang ana standaré ora perlu digocèki bola- bali amarga bisa muni lan brebegi. Déné mikrofon kang ora ana standaré digocèki kanthi lumrah baé. Aja dolanan kabel utawa nggaya kaya penyanyi ing panggung. Mikrofon karo lambé aja kecedaken utawa kadohan.

4. Carané Pidhato. Carané pidhato iku ana papat, yakuwi: maca naskah, ngapalaké, spontanitas, lan njlentrehaké utawa njabaraké kerangka pikiran.

Nulis Pidhato Babagan pidatho wis dipratelakaké secetha- cethané ing ngarep. Sadurungé gawé naskah utawa teks pidhato, amrih beciké gawé cengkorongané iku kaya ing ngisor iki.
  1. Uluk salam/ salam pembuka
  2. Purwaka basa: atur pakurmatan, atur puja- puji, atur panuwun
  3. Surasane basa/ isine pidhato
  4. Ringkesan isi pidhato
  5. Salam panutup

Tujuan Pidhato

1. Menehi Hiburan. Pidhato jinis iki ditindakaké ana ing acara pahargyan. Déné tujuané yakuwi supaya acara iku bisa sumringah lan meriah. Pemicara mung ngandharaké babagan kang gawé seneng lan bungah, uga nganggo basa kang santai lan raket.

2. Menéhi Kawruh. Pidhato iki isiné ngandharake babagan kang sacetha-cethané, supaya pamireng mangerti. Pemicara bisa nganggo conto, mbandingaké, nerangaké, lan liya- liyané kang kabéh mau gunané kanggo njelasaké marang pemirengé.

3. Ajak- ajak. Pemicara ngandharaké alesan, bukti, lan conto supaya pamirengé gelem nindakaké kaya apa kang dikarepaké pemicara. Pidhato iki umumé jinis pidhato kampanye arep pemilhan umum.

Kaanan Pidato

1. Kaanan Resmi. Kanggo kaanan resmi, lumrahé pamicara maca naskah kang wis disiapaké supaya ora salah anggoné pidhato lan naskah iku bisa kasimpen kanggo arsip. Pemicara ora bisa ngandharaké pidhatoné sakarepé dhewe amarga wektune wis diatur.

2. Kaanan Setengah Resmi. Pemicarané bisa ngandharaké pidathoné rada longgar. Nanging, kesan resmi kudu tetep digatekaké.

3. Kaanan Ora Resmi. Pemicara bisa ngandharaké pidhatoné miturut tujuan utawa pemirengé.

4. Kaanan Liya- liyane. Sakliyané kaanan kang wis kaandhraké iku, isih ana kaanan kang uga duweni pengaruh marang cara ngandharake pidhato, yaiku pemirenge lungguh apa ngadeg, wektune esuk apa awan, anggone pidhato dewe apa karo wong liya. Contone, yen pemirenge ngadeg pidhatone kanthi singkt bae.

Pendekatan Isi Pidhato

1.Pendekatan Intelektual. Pendekatan iki digunakake yen pemirenge duwe pendidikan kang cukup.

2. Pendekatan Moral. Pendekatan iki digunakake yen pemirenge seneng melu kegiatan moral, apa meneh moral keagamaan. Pemicara bisa nganggo kutipan ayat kitab suci utawa sumber liya kang cocok.

3. Pendekatan Emosional. Pendekatan emosional bisa kagunakake yen pemirenge kurang pendidikan. 
 Pemirenge kang kaya mangkono gampang anggone nampa isi pidhato lumantar emosine. Mula, kudu disenggl nganggo semangat, kabutuhane, lingkungane, kasumehane, utawa liya- liyane kang bisa gawe gampang nampa isi pidhato iku. Pidhato mono bisa dileksanakake mawa teks, kang diarani metode membaca, bisa cara ngappalake teks, bisa sakcar ekstemporan yaiku ngapalake bagean kang pokok banjur ngembangake pangandikan nalika nglaksanakake pidhato. Ana uga cara impromtu, yaiku manawa pidhato sakcara ndadak utawa spontan, dadi ora ana persiapan. Saiki kang durung tampa giliran ngrungakake temenan. Gelem niteni lan migatekake basa kang becik. Dadi besuk tekan titi wancine diparingi giliran maju, pidhatomu:
  1. Isine bisa nalar.
  2. Pamilihing tembung trep, ukara cetha, basane sreg, luwes, bener, becik.
  3. Anggone medhar runtut sarta gembleng, yen perlu wedharanmu metu kamoncerane utawa variasine.
  4. Lagak lageyan, obah owahing pasemon, tandang grayang, obahing peranganing badan liyane sarwa pantes, mrabawani, lan mranani.
  5. Aja lali: kedaling lesan kang mapan, pangucaping tetembungan kang bener, lagune wicara kang nemsemake.

Tuladha sesorah :

Sesorah Sumpah Pemuda
Assalamualaikum Wr. Wb.
Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.
Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.
Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:
1.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
2.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
3.Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau.  Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.
Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda.  Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.
Wassalammuallaikum Wr. Wb.