Wayang inggih menika pagelaran asli saking Indonesia ingkang kuncara ing tanah Jawa kaliyan Bali. Wayang menika saking tembung "Ayang/wewayang" ingkang tegesipun bayangan saking arti wau saged dipunwangsuli menawi wayang menika gambaran/cerminan saking sipat-sipat ingkang asli saking manungsa kayata angkara murka, kebajikan, srakah, lsp, ingkang dipun damel saking kulit/ kayu lsp.
Sejarah Wayang
Wayang dipuntepangi 1500 taun Saderenge Masehi, amargi tiyang sepuh lan pinisepuh taksih percaya menawi saben benda nggadahi roh/ jiwa (animisme), lajeng sakmenika dados paraga kangge nyariosaken babagan ajaran agama, sosial,ekonomi, politik, lsp
Wayang dipuntepangi 1500 taun Saderenge Masehi, amargi tiyang sepuh lan pinisepuh taksih percaya menawi saben benda nggadahi roh/ jiwa (animisme), lajeng sakmenika dados paraga kangge nyariosaken babagan ajaran agama, sosial,ekonomi, politik, lsp
Tokoh Wayang
1. Pandawa
Pandawa tegesipun saking basa sansekerta menika anak Pandu/ Pandudewanata yaiku raja Hastinapura ing cariyos Mahabharata. Pandawa inggih menika tokoh ingkang protagonis/ sae. Pandawa menika wonten gangsal, inggih menika :
1. Puntadewa
2. Werkudara
3. Arjuna
4. Nakula
5. Sadewa
2. Kurawa
Wonten ugi tokoh ingkang antagonis/ boten sae inggih menuka Kurawa/ Korawa (kuru: Keturunan raja), putra Dretarasta . Kurawa menika dados musuh babuyutan para Pandawa. Kurawa cacahipun ± 100. ingkang sepisan menika Duryudana menika sedulur ingkang sepuh para kurawa.
tokoh kurawa inggih menika :
3. Punakawan
Punakawan menika saking tembung "puna" ingkang tegesipun susah kaliyan "kawan" ingkang tegesipun kanca/ sedulur, saged dipuntegesi sedulur ing wayah susah. punakawan cacahipun wonten 4 inggih menika :
1. Semar
2. Gareng
3. Petruk
4. Bagong
2. Kurawa
Wonten ugi tokoh ingkang antagonis/ boten sae inggih menuka Kurawa/ Korawa (kuru: Keturunan raja), putra Dretarasta . Kurawa menika dados musuh babuyutan para Pandawa. Kurawa cacahipun ± 100. ingkang sepisan menika Duryudana menika sedulur ingkang sepuh para kurawa.
tokoh kurawa inggih menika :
- Duryodana (Suyodana)
- Dursasana (Duhsasana)
- Abaswa
- Adityaketu
- Alobha
- Anadhresya (Hanyadresya)
- Anudhara (Hanudhara)
- Anuradha
- Anuwinda (Anuwenda)
- Aparajita
- Aswaketu
- Bahwasi (Balaki)
- Balawardana
- Bhagadatta (Bogadenta)
- Bima
- Bimabala
- Bimadewa
- Bimarata (Bimaratha)
- Carucitra
- Citradharma
- Citrakala
- Citraksa
- Citrakunda
- Citralaksya
- Citrangga
- Citrasanda
- Citrasraya
- Citrawarman
- Dharpasandha
- Dhreksetra
- Dirgaroma
- Dirghabahu
- Dirghacitra
- Dredhahasta
- Dredhawarman
- Dredhayuda
- Dretapara
- Duhpradharsana
- Duhsa
- Duhsah
- Durbalaki
- Durbharata
- Durdharsa
- Durmada
- Durmarsana
- Durmukha
- Durwimocana
- Duskarna
- Dusparajaya
- Duspramana
- Hayabahu
- Jalasandha
- Jarasanda
- Jayawikata
- Kanakadhwaja
- Kanakayu
- Karna
- Kawacin
- Krat
- Kundabhedi
- Kundadhara
- Mahabahu
- Mahacitra
- Nandaka
- Pandikunda
- Prabhata
- Pramathi
- Rodrakarma (Rudrakarman)
- Sala
- Sama
- Satwa
- Satyasanda
- Senani
- Sokarti
- Subahu
- Sudatra
- Suddha (Korawa)
- Sugrama
- Suhasta
- Sukasananda
- Sulokacitra
- Surasakti
- Tandasraya
- Ugra
- Ugrasena
- Ugrasrayi
- Ugrayudha
- Upacitra
- Upanandaka
- Urnanaba
- Wedha
- Wicitrihatana
- Wikala
- Wikatanana
- Winda
- Wirabahu
- Wirada
- Wisakti
- Wiwitsu (Yuyutsu)
- Wyudoru (Wiyudarus)
3. Punakawan
Punakawan menika saking tembung "puna" ingkang tegesipun susah kaliyan "kawan" ingkang tegesipun kanca/ sedulur, saged dipuntegesi sedulur ing wayah susah. punakawan cacahipun wonten 4 inggih menika :
1. Semar
2. Gareng
3. Petruk
4. Bagong
Wayang ing tanah Jawa
- Wayang Bèbèr yaiku wayang kang digawè saka kain utawa kulit lembu kang awujud bèbèran (lembaran). Saben bèbèran kuwi nggambarakè sakadegan crita. Yen wis rampung dilakonkè, bèbèrane digulung manèh. Wayang iki digawè jaman krajaan Majapait. Wayang iki asalè saka Pacitan lan Gunung Kidul. Wayang iki digawè kanthi kuwat ing bab rong dimensinè kanthi seni lukis ing kanvas.Wong-wong kang nglèstarèkakè wayang iki yaiku: Musyafiq kanthi gawè wayang bèbèr kang narasinè paraga-paraga wayang, Suhartono kanthi luwih nyiptakake figur wayang kang corakè dèkoratif lan ornamèntik, Agus Nuryanto gawè wayang bèbèr kanthi saka wujud wayang purwa banjur diabstraksi saka rèalitas uripè manungsa ing saben dinanè.
- Wayang Kulit
- Wayang klithik
- Wayang Golèk uga akèh wong sing arani wayang tengul.Wayang iki digawè saka kayu lan diklabèni kayata manungsa. Sumbering crita kajupuk saka Sejarah kayata crita Untung Suropati, Batavia, Sultan Agung, Banten, Trunajaya, lsp.Crita wayang iki uga bisa kajupuk saka dongéng nègara Arab. Yèn pèntas kang dadi ciri khasè wayang golék yaiku ora nganggo kelir utawa layar kayata wayang kulit.
- Wayang Gedhog:Wayang iki wujudè mèh padha karo wayang kulit. Kang digawè kurang luwih taun 1400-an.Sumbèring crita saka crita raja ing Jawa, antaranè Banten, Singasari, Mataram, Kediri, lsp. Wayang iki mung bisa ditemokakè ana musèum.
- Wayang Menak yaiku wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong.Critanè yaiku babagan dakwah Islam kayata: Wong Agung Jayengrana, Imaryana, lan Umarpadi.
- Wayang Kancil:Wayang iki uga diarai '''wayang Dupara'''.Wayang sing digawe saka lulang. Crita serine Kancil.
- Wayang Wahyu: uga kasebut '''wayang bibel''' iki diciptakè dèning Bruder Tèmothèos kanggo nyiarkè agama Kristen.
- Wayang Pancasila
- Wayang Sejati
- Wayang Jemblung:Wayang saka kayu kang digawe persis (kawangun) wong. Wayang iki sumebar ana ing daerah pesisir lor, Blora, lan Cepu. Critanè babagan Cacad kaya kethoprak.
- Wayang wong:Wayang wong yaiku wayang kang diparagakè wong kang ana gerakan tarinè. Sumbering crita saka Ramayana lan Mahabarata. Paguyuban kang misuwur kanthi pagelaran wayang iki yaiku Ngèsthi Pandawa (Semarang), Sriwedari (Surakarta).
- Wayang Sandosa
- Wayang Ukur
- Wayang Jawa
- Wayang Topéng
- Wayang Potèhi:Wayang kang awujud bonèka cilik-cilik. Critanè mangsa jaman kraton Tar-Tar utawa Babad Cina. Thio Tiong Giè yaiku salah sijining dhalang wayang potèhi ing Semarang Tengah kang manggon ing Dèsa Pesantrèn, Kelurahan Purwodinatan. Dhèwèkè nduwèni prinsip paribasan Cina Tiongkok kang dadi semangate kanggo nglestarekake Wayang potèhi iki yaiku:”TAK ada kuda, sapi pun bisa ditunggangi.” Yen ta wayangan dhèwèkè nggunakakè basa Indonèsia kanggo basa pengantar, bèda karo para sesepuhè sing biyèn nggonakakè basa Cina. Ciri khasè dhewèkè uga kerep nggunakakè tembang campursari. Thio Tiong Gie saiki umurè wis 76 taun, akeh prihatinè mikirakè kabudayanè sing mung didelok dèning saglintir wong sing kalah adoh yèn dibandingakè karo jaman biyèn. Langka banget sing kepèngin nyinaoni wayang iki sing dadi generasinè mung siji ntok wongè yaiku Oei Tjiang Hwat sing kerep ngancani yèn ta wayangan. Para niyaganè adoh banget yaiku saka Surabaya
- Wayang Révolusi
- Wayang Dongèng:Wayang Dhongeng
Tidak ada komentar:
Posting Komentar